Kamis, 29 Desember 2011

TIA MUKTI FATKHUR ROKHMAH (2611411019 )

WANGSALAN
(damel)

1.     Yen diwulang aja ngembang jengkol bae, kecuas-kecuis brisiki kancane.
Kembang jengkol = kecuis (dadi kecuas-kecuis ).
2.     Balung geni mbek menawa olih rejeki.
Balung geni = mawa (dadi menawa).
3.     Jenang selo wader kali sesonderan, ampuranto mbek wonten lepat kawula.
Jenang selo = apu (dadi ampuranto), wader kali = iwak sepat (dadi lepat).
4.     Kadal gung ing bengawan ngati-ati mbek ana bebaya.
Kadal gung = baya (dadi bebaya).
5.     Nyarung jagung, dadi bocah aja nglombrot.
Nyarung jagung = klobot (dadi ngelombrot).
6.     Kembang suruh, yen domongi aja mrenges baen.
Kembang suruh = drenges (mrenges).


WANGSALAN
(mados)
1.     Jênang gu1å kowe åjå lali.
(jenang gulå = glali).
2.     Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan
(kêmbang garut = grêmêng),
3.     Mbalúng janúr, gêlêma paring usådå.
(balúng janúr = sådå).
4.     Ngêmbang kacang, mbêsêngut ora kalêgan.
(kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
5.     Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
(sêkar arèn = dangu).
6.     Kêmbang jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar.
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).
7.     Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
(roníng mlinjo = so - dadi ngaso).
8.     Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa apurå.
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)
9.     Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki.
(kêmbang gêmbili = sênêng).
10.                        Witíng klåpå jawåtå ing ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
(witing klåpå = glugu dadi saluguné)