Rabu, 18 Januari 2012

Kusuma Ayu Purwati (2611411003)

SERAT WULANG SUNU

Bait 1
Wulang sunu kang kinarya gendhing  = 10i
Kang pinurwa tataning ngawula  = 10a
Suwita ing wong tuwane  = 8e
Poma padha mituhu  = 7u
Ing pitutur kang muni tulis  = 9i
Sapa kang tan nuruta saujareng tutur  = 13u
Tan urung kasurang-surang  = 8a
Donya ngakir tan urung manggih billahi  = 12i
Tembe matine nraka  = 7a

Bait 2
Mapan sira mangke anglampahi  = 10i
Ing pitutur kang muni ing layang  = 10a
Pasti becik satemahe  = 8e
Bekti mring rama ibu duk purwa sira udani  = 15i
Karya becik lan ala  = 7a
Saking rama ibu = 6u
Duk sira tasih jajabang  = 8a
Ibu iro kalangkungan lara prihatin  = 12i
Rumeksa maring sira  = 7a

Bait 3
Nora eco dahar lawan ghuling  = 10i
Ibu niro rumeksa ing sira  = 10a
Dahar sekul uyah bae  = 8e
Tan ketang wejah luntur  = 7u
Nyakot bathok dipunlampahi  = 9i
Saben ri mring bengawan  = 7a
Pilis singgul kalampahan  = 8a
Ibu niri rumeksa duk sira alit  = 12i
Mulane den rumangsa  = 7a

Bait 4
Dhaharira mangke pahit getir  = 10i
Ibu niro rumeksa ing sira  = 10a
Nora ketang turu samben  = 8e
Tan ketang komah uyuh gupak tinjo dipun lampahi  = 16i
Lamun sira wawratana  = 8a
Tinatur pinangku  = 6u
Cinowekan ibu nira  = 8a
Dipun dusi esok sore nganti resik  = 12i
Lamun luwe dinulang  = 7a

Bait 5
Duk sira ngumur sangang waresi  = 10i
Pasti sira yen bisa rumangkang  = 10a
Ibumu momong karsane  = 8e
Tan ketang gombal tepung  = 7u
Rumeksane duk sira alit = 9i
Yen sira kirang pangan nora ketang nubruk = 13u
Mengko sira wus diwasa  = 8a
Nora ana pamalesira  = 9a
Ngabekti tuhu sira niaya  = 10a

Bait 6
Lamun sira mangke anglampahi = 10i
Nganiaya ing wong tuwanira  = 10a
Ingukum  dening Hyang Manon = 8o
Tembe yen lamun lampus  = 7u
Datan wurung pulang lan geni  = 9i
Yen wong durakeng rena  = 7a
Sanget siksanipun  = 6u
Mulane wewekasi ingwang  = 8a
Aja wani dhateng ibu rama kaki = 12i
Prentahe lakonana  = 7a

Bait 7
Parandene mangke sira iki  = 10i
Yen den wulang dhateng ibu rama = 10a
Sok balawanan ucape  = 8e
Sumahir bali mungkur  = 7u
Iya iku cegahen kaki  = 9i
Tan becik temahira  = 7a
Donya keratipun  = 6u
Tan wurung kasurang-kasurang  = 8a
Tembe mati sinatru dening Hyang widhi  = 12i
Siniksa ing Malekat  = 7a

Bait 8
Yen wong anom ingkang anstiti  = 10i
Tan mangkana ing pamang gihira  = 10a
Den wulang ibu ramane  = 8e
Asilo anem ayun  = 7u
Wong tuwane kinaryo Gusti  = 9i
Lungo teko anembah iku budi luhung  = 13u
Serta bekti ing sukma  = 7a
Hiyo iku kang laryo pati lan urip  = 12i
Miwah sandhang lan pangan  = 7a

Bait 9
Kang wus kaprah nonoman samangke  =  10e
Anggulang polah  = 5a
Malang sumirang  = 5a
Ngisisaken ing wisese  = 8e
Andadar polah dlurung  = 7u
Mutingkrang polah mutingkring  = 8i
Matengkus polah tingkrak  = 7a
Kantara raganipun  = 7u
Lampahe same lelewa  = 8a
Yen gununggungsarirane anjenthit  = 11i
Ngorekken wong kathah  = 6a

Bait 10
Poma aja na nglakoni  = 8i
Ing sabarang polah ingkang salah tan wurung weleh polahe  = 18e
Kasuluh solahipun  = 7u
Tan kuwama solah kang silip  = 9i
Semune ingeseman ing sasaminipun  = 13u
Mulaneta awakingwang  = 8a
Poma aja na polah kang silip  = 10i
Samya brongta ing lampah  = 7a

Bait 11
Lawan malih wekas ingsun kaki  = 10i
Kalamun sira andarbe karsa  = 10a
Aja sira tinggal bote  = 8e
Murwaten lan ragamu  = 7u
Lamun derajatiro alit  = 9i
Aja ambek kuwawa  = 7a
Lamun sira luhur  = 6u
Den prawira anggepira  = 8a
Dipun sabar jatmiko alus ing budi  = 12i
Iku lampah utama  = 7a

Bait 12
Pramilane nonoman puniki  = 10i
Dan teberi jagong lan wong tuwa  = 10a
Ingkang becik pituture  = 8e
Tan sira temahipun  = 7u
Apan bathin kalawan lahir  = 9i
Lahire tatakromo  = 7a
Bathine bekti mring tuhu  = 8u
Mula eta wekasing wong  = 8o
Sakathahe anak putu buyut mami  = 12i
Den samya brongta lampah  = 7a

ANALISIS :
1.      Guru gatra pada serat wulang sunu ini, adalah 9 gatra. Namun untuk bait 6, 7, 11, 12 terdapat 10 gatra, bait 9 terdapat 11 gatra, bait 10 terdapat 8 gatra.
2.      Untuk guru wilangan dan guru lagu terdapat pada akhir baris.
3.      Bahasa yang digunakan pada serat wulang sunu ini, masih bisa dipahami karena sudah diterjemahkan sesuai dengan bahasa jawa yang dapat dipahami.
4.       Makna dari serat ini adalah meninggalkan pitutur untuk para anak cucu agar menjalani hidup lebih baik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar