Rabu, 18 Januari 2012

Lilis Nawati (2611411013)

SERAT SRI UTAMA
 
PUPUH II ~
P A N G K U R
1. Dupi prapta tanggul nulya, winêruhkên krêtêg Tanggul yaiki, dupi jlêg sampun kalangkung, krêtêging Kaliwingka, sawatara rinikatkên lampahipun, sumiyut ing Grogol prapta, lampahira rindhik malih.

2. Awit Grogol wau pasar, lêng-ulêngan janma anêngah margi, krana ing pranatanipun, mring supir ingkang samya, anglampah-|kên motor kalamun pakéwuh,  marga ingkang dipunambah, karindhikkên myang akanthi.

3. Sagung duga dugèng driya, pinasang ing pikir ywa nganti lali, sagung pakéwuh wus putus, iku supir utama, kacarita lampahing motor wus tutug, ing krêtêg Bacêm kaambah, karindhikkên dènnya laksi.

4. Mrih samya trang pakartinya, rosa saé tan wontên nguciwani, kyahi lurah dyan tumênggung, nabda marang kang aran, Taliwanda pinrih nindakkên pangukur, winangsulan yogyanira, mangké kémawon manawi.

5. Sampun wangsul lampahira, saking krêtêg Padhasgêmpal rumiyin, gya Samaulun ingukur, ing panjang wiyarira, lajêng Ngutêr sumawana Bacêm rampung, kyai| lurah waluyannya, ya bênêr iku prayogi.

6. Lamun wus bali kéwala, motor nulya linampahkên kinardi, sawatawis rikatipun, larisnya dyan wus prapta, pos wétannya Kaliwonan kang sinêbut, kabupatèn Sukaharja, nanging dènira lumaris.

7. Wau motor malah mandar, trusnya ngidul wimbuh rikat sakêdhik, prapta krêtêg Ngutêr sampun, karindhikkên lampahnya, ugi mamrih têrang ing pakartinipun, arsitèg sanyata dibya, pakartinya dèra kardi.

8. Bagus santosanya kêmbar, lawan krêtêg Bacêm kang wus kawuri, namung kaot dirganipun, sinawang lan lumampah, panjang wiyar krêtêg Bacêm nanging lamun, sampun dènukur kintênnya, botên kaot sapara tri.

9. Kula kang ngripta pèngêtan, têmbung anak sarta kêris kinawi, nun Atmasukadga ulun, kang nyupir saking praja, nalikanya motor rindhik lampahipun, ki lurah bêbisik nabda, kulup gonku arang angling.

10. Marang sira déning sabab, têmbung dhaup gêntha dara jinarwi, panêmu myang panyawangku, wong nyupir iku kêna, dènèmpêrkên lan janma nurat nuju, tan kêna dènjak rasanan, awit kadya sira iki.

11. Gonmu nyupir ati tangan, sarta pada tansah anambut kardi, kula anulya umangsul, dhumatêng kyai lurah, tan kénging krêp imbal wuwus mandar angur, janma nyrat dènjak raosan , yèn salah namung dènkêrik.

12. Ki lurah nulya maluya, iya bênêr kulu-|p gonmu mangsuli, ki lurah gya nabda manglung, cêlak mring karna amba, bisik-bisik makatên bêbisikipun, mêngko yèn lurungé padhang, motor dènira lumaris.

13. Sêngkakna lumarisira, mamrih para swami iku udani, rasané motor sru mamprung, kang binasakkên kêna, janma lémpoh jajah jaban jagad kêmput, nir pralambang kang tumimbang, rikatira kadya kuwi.

14. Nun prayogi waluyamba, dupi sampun wontên wradinan rêsik, têgêsnya samun tumlawung, janma kéwan tan ana, gumalibêsing margi dinulu suwung, ing ulun rikatkên nulya, plas ngêsuk swasana nami.

15. Dadya lir angin prahara, manjing jroning motor angosak-a-|sik, rambuting pra swami wau, tansah ngêlus késwanya, priyanira pitakon priyé rambutmu, pra wanita waluyanya, dahat dènnya mosak-masik.

16. Ki lurah dyan mênggung nabda, mring swamèngwang makatên dènira ling, Dyan Ngantèn Kadga sira dhuk, coba-coba gawéa, pralambangé motor dènira lumaku, swamèngwang aris maluya, makatên dènira angling.
17. Kula sampun krêp késahan, mring Bandhung myang Surapringga Batawi, dhawuh sorpada Sang ulun, Gusti Pêpundhèn amba, Kangjêng Ingkang Sinuhun kang sih mring wadu, numpak ègprès rikatira, dèrèng sami lan puniki.

18. Amila motor punika, lumaksanya kawula angaturi, pralambang lambanging ngèlmu, janma cébol anglunjak, tranggana nèng lokamantala kajumput, rêbatan lan janma wuta, kalangan têbaning langit.
19. Puwara jlêg sampun prapta, wontên krêtêg Padhasgêmpal lir ngimpi, andaradasih satuhu, Padhasgêmpal kaambah, sampun rindhik motor wau lampahipun, kula tur maning pralambang, rikatnya motor lumaris.

20. Kadya kitab caritanya, duk jêng Nabi Panutup anitihi, paksi burak namanipun, katimbalan Pangéran, sabên mlumpat salumpatan têbihipun, lampahan gangsal tus warsa, ki lurah sukèng tyas angling.

21. Dhatêng kula dènnya nabda, lé rasakna swaminta dèra kardi, pralambang mangkono mau, kula gumlêgês sarta, amangsuli dhumatêng ki lurah wau, inggih sanggya rêraosan, nèng jronya motor puniki.

22. Mung kinarya mangrênèng tyas, dènnya sami angsal sih dèndhawuhi, karsa dalêm Sang Aprabu, kinèn samya bêsiyar, gêgirang tyas mring arga praptaning gunung, mung kadi janma supêna, amargi saking nagari.

23. Pukul sapta ing umangkat, sampun prapta Padhasgêmpal banawi, kang dèn krêtêg warninipun, dipunambah punika, dados pintên jam danguning lampahipun, ki lurah lajêng maluya, mung juga satngah jam prapti.

24. Ing bangawan Padhasgêmpal, motor ngong dhêg Taliwanda lan supir, Dèn Bêkêl saksana mudhun, ngukur wau jêmbatan, rampungira ing pangukur lajêng wangsul, numpak motor malih nulya, pratéla panjang wiyaring.

25. Wau krêtêg Padhasgêmpal, nanging ulun kang ngripta pratéla mring, sanggyanira kang mahayun, nungkara srat punika, ukur krêtêg-krêtêg ing sadayanipun, badhé kapratélèng wuntat, supadya trang tharik-tharik.

26. Yata mangkyamba carita, sampunira makatên motor nuli, kula lampahakên têrus, mangetan sabên ludhang, madyanira| ing ênu dinulu suwung, motor ngong lariskên rikat, sakêdhap kéwala prapti.

27. Ing Jati Bêdhug arannya, duk nèng ngriku motor dyan ngong abani, crag-crèg tyasnya motor wau, mangêrtos kèndêl nulya, Kyai Lurah Arungbinang yèku laju, pitanya marang sujanma, kéné iki lurung ngêndi.
28. Kang tinanya aturira, tiyang ngriki anggènipun mastani, wradinan ing Jati Bêdhug, kya lurah gya pitanya, purwanira priyé déné para manus, ngarani mangkono samya, aturnya wau sujanmi.

29. Criyosnya wong wréda- wréda, ing wanadri ngriki punika nguni, wontên wit jati gêngipun, sa-|bêdhug kang gêng dahat, kyai lurah anulya malih andangu, pogogé mau mandira, ingkang aran kayu jati.

30. Saikiné iku apa, ijéh wujut kang tinanya mangsuli, sampun ical wujutipun, ambok bilih kéwala, wus kurugan saking siti lunturipun, ing rêdi déning kawruhan, samantên praptèng sapriki.

31. Kèndêl kya lurah takyannya, wontên ngriku motor ngong putêr bali, gya mring krêtêg Samaulun, sawusira tumêka, krêtêg wau motor kula dhêg myang ulun, manggènkên nèng pinggir marga, parluning tyas ngong supadi.

32. Dyan Bèhi Taliwanda myang, Bêkêl Wignya saksana mudhun sami, angukur karêtêg wau, wusnya rampung anulya, wangsul maring rata motor minggah sampun, gya lapur pétang ukuran, mring ngong kasmaran kulingling.

Anlisis
Tema                     : orang yang gemar mengukur serta mendeteksi jembatan-jembatan yang ada di daerah tertentu.
Amanat                : Berhati-hatilah kamu dalam menyetir baik tangan serta kaki harus senantiasa bekerja sama
Alur                 : Maju
Sudut pandang : Orang ketiga,
Setting :
-          Waktu   : Pukul Tujuh mereka melakukan perjalanan menuju Bengawan Padhasgempal
-          Panggung : krêtêging Kaliwingka, sumiyut ing Grogol, krêtêg Bacêm, krêtêg Padhasgêmpal, krêtêg Ngutêr, ing Jati Bêdhug
Gaya Bunyi         : dinyanyikan secara lagu pangkur
Guru gatra          : 7
Guru lagu            : a, i, u, a, u, a, i
Guru wilangan   : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

Tidak ada komentar:

Posting Komentar