Rabu, 23 November 2011

paribasan

tugas paribasan
buatlah dua  pada  tembang macapat yang mengandung unsur cangkriman

26 komentar:

  1. dandang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandang
    tegese: barang apik diunekake elek lan barang elek dikandakake apik

    BalasHapus
  2. Nama : Candi Asri Dewi
    NIM : 2611411011

    1. Paribasan
    sirah dadi sikil,sikil dadi sirah”
    ( Orang yang bekerja keras sepenuh hati dan jiwa ).
    nandur pari thukule beras, nandur kembang mawar thukule eri”
    ( Barang siapa menanam kebaikan akan menuai kebaikan, dan barang siapa menanam keburukan akan menuai keburukan pula ).
    nyoret rai (wajah) nganggo areng(arang)”
    ( Merusak harga diri dan martabat ).
    kaya bensin kasulut dening geni”
    ( Fitnah dapat mengobarkan amarah ).
    kaya ketek ditulup
    ”( Diam termenung tanpa berkata-kata ).
    Kaya woh duren
    ( penampilan luar buruk, tapi isinya menggoda)
    Praja ngarep unded-undedan
    (di awal ngomong tidak, tapi setelah di belakangnya bingung karena meginginkannya)
    maju kena, mundur kena
    ( serba salah)
    Kaya nguyak jaran kepang
    ( menginginkan sesuatu yang tidak pasti)


    2. Parikan
    Kucing cilik kepidak jaran
    Jaran Teji Kecemplung kali
    Maling pitik Mlebu Pakunjaran
    Sing Korupsi dianggep lali

    Sego beras di buntel godong
    Godong tekik bolong-bolong
    Bojo Ayu moblong-moblong
    Leno sitik colong uwong

    Motor cilik larang regane
    Motor kuno moro’o mrene
    Wong cilik rekoso uripe
    Perkoro lengo ra ono entek’e

    Sego gudeg soko kahuripan
    Kahuripan jenenge sepur
    Wis Mbededeg golek panguripan
    Panguripan di sikat sing nduwur

    Kucing limo ilang buntut’e
    Buntut sapi dinggo pecutan
    Perkoro lengo ora ono entek’e
    Jebul di korupsi sing duwe jabatan

    Ana sinta ana jojo
    Lagi mangan jangan pare
    Aja isin dadi cah jawa
    Amarga jawa iso banggakake

    Ana dewa nganglang jagad
    Sastra jawa pancen nekad

    Mikul uyah menyang kudus
    Kuliah ra kuliah sing penting lulus

    Ana bebek kena wisa
    Ati elek, ora duwe kanca

    Nonton wayang neng TBRS
    Dosene paka widodo
    Sastra jawa pancen stres
    Seng marai kui sopo

    Tuku ketan ning pare-pare
    Sastra jawa edan mergo komtinge

    Ungu-ungu iku FBS
    Pak dewa pembantu dekane
    Sastra jawa bisa sukses
    Delok wae wisudane

    BalasHapus
  3. Nama : Yusuf Saputra
    NIM : 2611411016


    Paribasan

     Aji Godhong garing
     Wis ora ana ajine/asor banget
     Baladewa ilang gapite~(jepit wayang)
     Ilang kakuwatane/kaluhurane
     Cebol nggayuh lintang
     Akekarepan kang mokal bakal kelakon
     Digarokake dilukoke
     Dikongkon nyambut gawe abot
     Emban cindhe emban siladan~(slendang-iratan pring)
     Pilih kasih ora adil

    1) Apik ora mesthi apik, elek ora mesthi elek
     Kabeh perbuatan ora mesthi apik utawa elek terus
    2) Ala kuwi ala, Becik kuwi becik
     Kabeh perbuatan apik apa ora, tetep ora bisa dadi siji
    3) Awan kuwi panas, bengi kuwi adem
     Apa-apa kuwi kudu dijalani semesthine, ora usah nggersah
    4) Cangkeme mambu tembelek
     Omongane busuk banget
    5) Wiji buah mesthi tukul
     Kabeh wong mesthi duwe kelebihan dewe-dewe

    BalasHapus
  4. Nama : Dzulfiqar Ade Fadjri
    NIM : 2611411015

    -Paribasan
    Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartentu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

    -Paribasan ingkang damel piyambak :
    1.Melik Nggendong Lali
    Tegesipun” Keinginan memiliki menyebabkan lupa diri”
    2.Mikul Dhuwur Mendhem Jero
    tegesipun “Memikul setinggi mungkin dan mengubur sedalam mungkin”
    3.Murang Tata Tanpa Krama
    tegesipun “Melanggar aturan dan tidak beradat”
    4.Ngunduh Wohing Pakerti
    tegesipun “Memetik hasil perbuatan sendiri”
    5.Durung Becus Keselak Besus
    tegesipun “Belum memiliki kemampuan sudah berani berlagak”

    BalasHapus
  5. Nama : Siti Fatimah
    NIM : 26114111010

    Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

    Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.

    contonipun :
    Durung pecus keselak betus
    Tegese : durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
    Diwenehi ati ngrogoh rempela
    Tegese : diwenehi sithik isih kurang panarima
    Esuk dhele, sore tempe
    Tegese : ora mantep, atine molah-malih
    Kebanjiran segara madu
    Tegese : nemu kabegjan kang gedhe banget
    Cedhak kebo gupak
    Tegese : sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu

    BalasHapus
  6. Nama : Aini Machmudah
    Nim : 2611411004
    PARIBASAN
    Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
    Contoh :
    Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
    Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
    Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
    Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
    Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil


    Karya :
    • Kucing keleson weroh iwak gemletak ( ada kesempatan yang bagus untuk bertindak )
    • Nyebrang kanggo nyiat segara ( melakukan sesutau yang mustahil untuk dilakukan, jikalalau hal itu dilakukan maka tidak akan membawa hasil apa-apa. )
    • Tuku menyak wangi neng bakul iwak pindang ( ketersesatan atau kesalahan dalam memilih jalan hidup )
    • Njobine bolu isi tengae rawe ( sesutau yang terlihat bagus hanya dari luarnya )
    • Ora bakal ana keluk yen ora ana geni ( dalam hidup selalu ada hubungan sebab akibat yang tidak bisa diipisahkan satu sama lain )

    BalasHapus
  7. NAMA : AHMAD ALFAN RIZKA ALHAMAMI
    NIM : 2611411014

    1 Kebake Swara ilang obahe
    (Kebanyakan berkata, namun tidak ada tindakannya)

    2 Nak menek saya nduwur, aja lali medune
    (jika sudah berada di atas (sukses), jangan lupa dengan bawahnya)

    3 Jembaring banyu laut, mesti ana pulaune
    (sebesar-besarnya masalah, pasti ada jalan keluarnya)

    4 Elek kulite, emas isine
    (walau fisik luar jelek,tapi bagus dalamnya)

    5 saya abot wohe, saya ndingkluk uwite
    (semakin banyak ilmunya, makin merendah hatinya)

    BalasHapus
  8. Uripatul Aeni
    2611411005


    PARIBASAN

    1. Krupuk ning jero toplѐs kemriyik, bar ning jaba mlempem
    Tegesѐ : waninѐ mung ning kandangѐ dhѐwѐk, bar ning jaba ora wani
    apa-apa

    2. Bekicot mlaku karo marmut
    Tegesѐ : Wong lѐlѐt mesthinѐ bakal ketinggalan

    3. Cedhak lembenѐ adoh atinѐ
    Tegesѐ : ning arѐp pada apik-apikan, nanging sebenerѐ pada padu

    4. Kembang anggrѐk nѐmpѐl ning wit waru
    Tegesѐ : Ora bisa nguripi awakѐ dhѐwѐk (uripѐ ngendelna wong liya terus)

    5. Wedang putih dileboni kopi dadinѐ kopi, dileboni susu dadinѐ susu
    Tegesѐ : Sifatѐ meluni lingkunganѐ (lingkunganѐ apik dadinѐ apik, yѐn lingkunganѐ ѐlѐk dadinѐ ѐlѐk)

    Sekar Macapat Asmaradana, Laras Slѐndro Pathet Sanga Miring
    Menyang pasar tuku trasi
    Trasine regane larang
    Wektu subuh kudu tangi
    Bar tangi kudu sembahyang
    Uripe mesthi padhang
    Tur aja klalen donga
    Ben usahane lancar

    BalasHapus
  9. Adi Tyas Angga Rini
    2151407016
    Paribasan
    1. Arjuna kelangan panah
    Wong kang kelangan kasektene
    2. Kaya nyekel welut sawah
    Lunyu banget
    3. Kaya menthok golek sega
    Yen jejaluk ngeyel bae
    4. Kaya bulus golek pangan
    Klemar-klemer banget
    5. Adhang-adhang kancil liwat
    Njagakake kang ora bisa dijagakake

    BalasHapus
  10. Nama : Afiliasi Ilafi
    NIM : 2611411001

    PARIBASAN
    Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
    Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.

    CONTOH PARIBASAN


    Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
    Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
    Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
    Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
    Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
    Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
    Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
    Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
    Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
    Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
    Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
    Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
    Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
    Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
    Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
    Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
    Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
    Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
    Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
    Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
    Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
    Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
    Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
    Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
    Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
    Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
    Asu marani gebug = njarag bebaya
    Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
    Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
    Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
    mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
    mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
    mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
    mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
    mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
    mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
    mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
    Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
    Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
    mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
    Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
    Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
    Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
    Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati

    BalasHapus
  11. Nama : Afiliasi Ilafi

    Contoh paribasan sendiri

    1. Sabda pandhita ratu,tan kena wola wali = Tidak boleh mengambil ucapan yang sudah keluar dari mulut
    2. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
    3. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
    4. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
    5. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liya

    BalasHapus
  12. NAMA : ANA SHOFIANA
    NIM : 2611411020
    ROMBEL : 1 (SATU)
    PRODI : SASTRA JAWA

    PARIBASAN
     Abang-abang lambe
    (Omongan manis nanging ora tulus)
     Adang, adigung, adiguna
    (Wong sing nyombongake kekuasaan, jabatan, lan kepinteran)
     Adus kringet
    (Wong sing kerja supaya kebutuhan keluargane kecukupan)
     Akal bulus
    (Wong sing duweni sifat licik)
     Dagang tuna andhum bathi
    (Wong sing glakoni kebecikan ora langsung, ananging liwat wong liya)

    BalasHapus
  13. nama : wahyu dwi kismawarni
    nim : 2611411007

    PARIBASAN

    LIMA PERIBAHASA (MEMBUAT SENDIRI)
     Akal bulus
    Wong sing duwe watak licik
     Antenge kitiran
    Wong sing ora bisa meneng
     Bima para sama
    Wong tua sing pilih kasih
     Budhug mumuk
    Wong sing males kerja
     Gudel nunut
    Wong sing asal-asal melu ora ngerti maksud lan tujuane
    LIMA PERIBAHASA (MENCARI)
     Keplayon ora tombok
    Wong sing kilangan kesempatan e
     Laku ngiwa
    Wong sing seneng selingkuh
     Ora weruh ing lebuh
    Wong sing ora reti tindak tanduk
     Ora kena diampu-ampu
    Orang sing ora isa di atur
     Ucul saka kudangan
    Cita-cita sing ora tercapai

    BalasHapus
  14. Lilis Nawati
    2611411013

    PARIBASAN

    • Ilate ilat lancip
    Tegese : yen ngomong gawe wong lara ati
    • Rupane kaya rupa rambutan
    Tegese : rupane elek nanging atine apik
    • Saben dina kahanane kaya wulan sepet
    Tegese : uripe susah terus
    • Adol lenga kari busik
    Tegese : bagi-bagi barang nanging si pembagi ora keduman
    • Gupak pulute ora mangan nangkane
    Tegese : melu rekasa nanging ora melu ngrasaake kepenake

    BalasHapus
  15. NAMA : ARIFUDIN
    NIM : 2611411009


    2. PARIBASAN

    Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

    Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.

    TULADHA :

    Ana gula ana semut
    (panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani)

    Bapa kesolah anak molah
    ( yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab)

    Becik ketitik ala ketara
    ( sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara)

    Bebek diwuruki nglangi
    (wong pinter diwulang mesthi gelis bisa)

    Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani
    (yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya)


    Kebat kliwat, gancang pincang
    ( tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran)

    BalasHapus
  16. Sluman-slumun slamet
    (sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet)


    Mikul dhuwur mendhem jero
    (bisa njunjung drajade wong tuwa)

    Kriwikan dadi grojogan
    (prakara sepele dadi prakara gedhe)


    Arep daginge emoh balunge
    Artinya : Gelem kepenake nanging emoh melu ngrasake rekasane)
    Rupa duren
    Artinya : Njabane pancen elek nanging atine apik
    Pithik dipakani marani
    Artinya : wong pinter diwulang mesti cepet mudeng
    Cangkir duthuthuk apik unine
    Artinya : wong kang kakehan omong nanging sbenere ora ana apa apane
    Diwenehi ati njaluk rempela
    Artinya : diwenehi satitik tesih kurang narima

    BalasHapus
  17. Kusuma Ayu Purwati
    2611411003

    1. Dom sumurup ing banyu
    Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
    2. Dudu sanak dudu kadang , yen mati melu kelangan
    Senajan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani
    3. Jalma angkara mati murka
    Nemoni cilaka jalaran angkara murkane
    4. Jajah desa milang kori
    Lelungan menyang endi-endi
    5. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega
    Wong sing ora duwe papan panggonan
    6. Kacang ora ninggal lanjaran
    Kabiasane anak niru wong tuane
    7. Idu didilat meneh
    Murungake janji sing wis diucapke
    8. Eman eman ora keduman
    Karepe eman malah awake dhewe ora keduman
    9. Kaya banyu karo lenga
    Wong kang ora bisa rukun
    10. Kakehan gludhug kurang udan
    Akeh omonge ora ana nyatane

    BalasHapus
  18. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  19. FITRI FEBRIYANTI
    2611411023

    PARIBASAN

    Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

    Tuladha saka internet
    Sepi ing pamrih rame ing gawe
    Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih

    Rawe-rawe rantas
    Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake

    Rukun agawe sentosa
    Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih

    Adigang, adigung, adiguna
    Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran

    Becik ketitik ala ketara
    Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine.

    Tuladha damel piyambak
    Kethek pinasangan makutha
    Wong kang ora ngerti tegese lan carane nggunakake kekuasaaan

    Wedhus lumaku ing warih
    Barang kang ora mungkin kelakon

    Emprit munggwing kranji mas
    Barang kang biasa dianggep luarbiasa

    Krokot munggah pot
    Batur munggah kasur

    Injih boten kepanggih
    Namung ngomong nanging mboten wonten tindakan

    BalasHapus
  20. Dwi Haryadi
    2611411024

    Gugah macan turu
    (gawe perkara marang wong sing lagi anteng)
    Klakune kaya ula sancha
    (bar mangan mesti turu)
    Kaya manuk dara
    (balian umah banget)
    Rupane kaya jenang jamuren
    (putih raine amargi kandel bedakane)
    Paras bawor rejeki arjuna
    (rupane elek nanging rejekine akeh)

    BalasHapus
  21. Nama :Ika Setiyawati
    NIM : 2611411006
    Prodi :Sastra Jawa

    PARIBASAN (mencari)

    Kacang mangsa tinggal lanjaran :watak,solah boah anak biasane mirip solah boah wong tuwane
    Anak polah bapak kepradhah : wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing anak
    Ana madu ana semut :panggonan sing ngrejekeni mesti akeh wong sing nekani
    Arep buahe emoh bosoke : Gelem kepenake ora gelem rekasane
    Idu di dilat maneh : ngingkari janji


    PARIBASAN (membuat sendiri)

    Mban cindhe ,mban siladan :pilih kasih
    Ora mambu piring mangkok : ora ketara yen sedulur
    Jalukan ora wewehan : gelem jaluk emoh menehi
    Ora ganja ora unus : wong kang rupa lan tumindake ala
    Di kei ati nggrogoh rempela : wis di kei kepenakan iseh kurang

    BalasHapus
  22. FARAH NUR AFINI
    NIM.2611411018
    PARIBASAN
    a. Contoh paribasan hasil pencarian :
    - Ngalasake negårå.
    Wóng síng ora manut pranatan negårå.
    - Ngalem lêgining gulå.
    Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh.
    - Ngaturake kidang lumayu.
    Ngaturaké barang kang wis ora ånå.
    - Nglungguhi klåså gumelar.
    Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå.
    - Ngóntragaké gunúng.
    Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti gawé kagèt wóng akèh.
    b. Contoh paribasan buatan sendiri :
    - Njait klambi rombéng.
    Wong kang usada mbeneri kalepatan sing wis dilakoni.
    - Kaya iwak langén ing pasir.
    Gegayuhan kang ora bakal bisa kawujud.
    - Nggodhog banyu nganggo dandang bocor.
    Wong nindakake pegawean kang percuma.
    - Kebo mati neng tengah kebonan suket.
    Wong kang bodho, ora bisa migunakake kasempetan sing wis ana ing ngarepé.
    - Kaya barleyan katumpuk pasir.
    Wong kang kabagusané katutup dening tumindak kang ala.

    LIRIK TEMBANG MACAPAT

    Sekar Asmarandana, Laras Slendro Pathet Sanga Miring

    Godhong tela padha mati
    Matine kerana lara
    wong wis tuwa aja srei
    Yen srei ya akeh dosa
    Mangka mlebu neraka
    Wong urip isine diyu
    Nek mati ra ana sangu

    BalasHapus
  23. Nama: Dany Kristian Agustinus
    NIM:2611411021
    PARIBASAN

     Kayak teh tanpa gula (bagaikan hidup tanpa tujuan)
     Ketiban lintang (mendapatkan keberuntungan)
     Ana cebol nggayuh rembulan (melakukan suatu hal yang tidak mungkin terjadi)
     Wes tibo ketiban ondo (mendapat kesialan dua kali)
     Kadal di kadali (melakukan kejahatan lalu dijahati)

    BalasHapus
  24. Candi Asri Dewi 2611411011

    1. Paribasan
    sirah dadi sikil,sikil dadi sirah”
    ( Orang yang bekerja keras sepenuh hati dan jiwa ).
    nandur pari thukule beras, nandur kembang mawar thukule eri”
    ( Barang siapa menanam kebaikan akan menuai kebaikan, dan barang siapa menanam keburukan akan menuai keburukan pula ).
    nyoret rai (wajah) nganggo areng(arang)”
    ( Merusak harga diri dan martabat ).
    kaya bensin kasulut dening geni”
    ( Fitnah dapat mengobarkan amarah ).
    kaya ketek ditulup
    ”( Diam termenung tanpa berkata-kata ).
    Kaya woh duren
    ( penampilan luar buruk, tapi isinya menggoda)
    Praja ngarep unded-undedan
    (di awal ngomong tidak, tapi setelah di belakangnya bingung karena meginginkannya)
    maju kena, mundur kena
    ( serba salah)
    Kaya nguyak jaran kepang
    ( menginginkan sesuatu yang tidak pasti)


    2. Parikan
    Kucing cilik kepidak jaran
    Jaran Teji Kecemplung kali
    Maling pitik Mlebu Pakunjaran
    Sing Korupsi dianggep lali

    Sego beras di buntel godong
    Godong tekik bolong-bolong
    Bojo Ayu moblong-moblong
    Leno sitik colong uwong

    Motor cilik larang regane
    Motor kuno moro’o mrene
    Wong cilik rekoso uripe
    Perkoro lengo ra ono entek’e

    Sego gudeg soko kahuripan
    Kahuripan jenenge sepur
    Wis Mbededeg golek panguripan
    Panguripan di sikat sing nduwur

    Kucing limo ilang buntut’e
    Buntut sapi dinggo pecutan
    Perkoro lengo ora ono entek’e
    Jebul di korupsi sing duwe jabatan

    Ana sinta ana jojo
    Lagi mangan jangan pare
    Aja isin dadi cah jawa
    Amarga jawa iso banggakake

    Ana dewa nganglang jagad
    Sastra jawa pancen nekad

    Mikul uyah menyang kudus
    Kuliah ra kuliah sing penting lulus

    Ana bebek kena wisa
    Ati elek, ora duwe kanca

    Nonton wayang neng TBRS
    Dosene paka widodo
    Sastra jawa pancen stres
    Seng marai kui sopo

    Tuku ketan ning pare-pare
    Sastra jawa edan mergo komtinge

    Ungu-ungu iku FBS
    Pak dewa pembantu dekane
    Sastra jawa bisa sukses
    Delok wae wisudane

    BalasHapus
  25. TIA MUKTI FATKHUR ROKHMAH (2611411019 )


    PARIBASAN
    ( Damel Piambek )

    Kurúng munggah lumbúng.
    Wóng asór/cilík didadèkaké wóng gêdhé.
    Krókót ing galêng.
    Wóng kang mlarat banget.
    Ora ånå kukús tanpå geni.
    Ora ånå akibat tanpå sebab
    Tulúng mênthúng.
    Katóné nulungi, jêbulé malah ngrusuhi.
    Tuna sathak bathi sanak.
    Rugi båndhå, nangíng bathi pasaduluran.
    Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
    Prakårå ålå ngåmbrå åmbråa, prakårå becik kari sathithík.
    Síng såpå salah bakal sèlèh.
    Såpå síng salah bakal konangan
    Rukún agawé santoså, crah agawé bubrah.
    Yèn padhå rukún mêsti padhå santoså, yèn pådhå congkrah mêsti bakal bubrah rusak.
    Pupúr sadurúng benjút.
    Ngati-ati mumpúng durúng cilaka.


    ( Mados )

    Adhang-adhang tètèsé êmbún.
    Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
    Adigang, adigúng, adigunå
    Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
    Aji gódhóng garíng.
    Wis ora ånå ajiné/asór banget
    Pêcrúk tunggu bårå.
    Dipasrahi barang kang dadi kêsênêngané.
    Pitík tróndhól diumbar ing padaringan.
    Wóng ålå dipasrahi barang kang aji, wêkasan malah ngêntèk-êntèki
    Carang canthèl.
    Ora diajak gunêman nanging mèlu-mèlu ngrêmbug.
    Car-cór kåyå kurang janganan.
    Ngómóng cêplas-cêplós ora dipikir dhisik.
    Bêlo mèlu sêton.
    Manút grubyúk ora ngêrti karêpé.
    Dóm sumurup ing banyu.
    Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi.
    Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan.
    Sênajan wóng liya nèk nêmoni rêkasa bakal dibélani.
    Dukå yayah sanipi, jåjå bang mawingå wingå.
    Wóng kang nêsu banget.

    BalasHapus
  26. Casino Bonus Codes December 2021
    Play Casino Bonus Codes in December 2021! 바카라출목표 Best 토토 분석 사이트 Slots by CasinoTop100: 헐리우드 노출 ✓ No Code Required ✓ 실시간 배팅 No Deposit Required ✓ 스포츠 분석 사이트 Full Game List.

    BalasHapus