Rabu, 23 November 2011

Parikan

26 komentar:

  1. Nama : Yusuf Saputra
    NIM : 2611411016


    Parikan

     Wedang bubuk, gula jawa
     Yen kepethuk, ati lega
     Sepet-sepet, sawone mentah
     Diempet-empet, selak ra betah
     Wajk klethik, gula abang
     Aja suthik, yen tumandang
     Godhong kecipir,mrambat kawat
     Najan gak mampir, nanging liwat
     Kembang jagung, dipethik Cina
     Barang wis kadhung dikapakna

    1) Wareng nyekar, nek wis mulih
     Durung besar, wis nyembelih
    2) Mesam-mesem, banjur kepenak
     Uwoh karsem, jebule enak
    3) Neng kuburan, mangan ketan
     Wong mayengan, jebule setan
    4) Dikon neng sawah, malah umpetan
     Ora mangkat kuliah, malah dolanan
    5) Ana pithik, sobo neng dalanan
     Wong becik, mesthi ketulungan
    6) Sadurunge sanga, angka wolu
     Bocah dikon donga, malah mlayu
    7) Hape nokia, mereke C pitu
     Pacare Farah, untune metu
    8) Ngguyu-ngguyu, koyo bekicot
     Mlayu-mlayu, nggawe kencot
    9) Lebar rampung, nek wis nyate
     Anak lutung, jenenge kowe
    10) Wong ngenes, ususe dawa
     Neng Unnes, jupuk Basa Jawa

    BalasHapus
  2. Parikan

    Neng Kuburan Mangan Ketan
    Dikon neng sawah malah umpetan
    Wong mayengan jebule setan
    Ora mangkat kuliah malah dolanan

    Wong ngenes ususe dawa
    Mangan sega karo lemper
    Neng Unnes jupuk Basa Jawa
    Prodi Jawa pancen bener

    Mlaku-mlaku tekan Jakarta
    Sanajan sayah tetep dilakoni
    Kudu amal nek duwite kathah
    Meski payah tapi tetep dijalani

    Duwe sungu mesthi ngeres
    FB-ne Mhazz Yhuzz Bintanghe Ariesz
    Fen’e Ungu jenenge Cliquers
    Wingi njoget nganti’an lemes





    Gedong DPR seng mbayari massa
    Neng DPR seng korupsi Gayus
    Vokalis Ungu jenenge Pasha
    Adhikke Pasha jenenge Mhazz Yhuzz

    BalasHapus
  3. Nama : Siti Fatimah
    NIM : 26114111010

    Mangan kare dicampur bubur,
    yo ben kere sing penting jujur

    Pak carik wetenge kembung,
    Plirak-plirik neng rak wani nembung

    Otot kawat balung wesi,
    Maca salawat sangune pati

    Ana kupu menclok pager,
    Yen sinau dadi pinter

    Godhor waru pating sinebar,
    Dadi guru kudu sabar

    Wong kuru nunpak sekuter,
    Dadi guru kudu pinter

    BalasHapus
  4. Ali-ali ilang matane,
    Gantenana matane akik,
    Aja lali karo wong tuwane,
    Ngailingana ri kalane sih cilik

    Tuku klambi ning pasar pahing
    Tukune karo simbah
    Dadi wong kudu eling
    Carane karo ngibadah

    Wanasaba
    Udane deres
    Nedoh nerima
    Pengeran seng bales

    Enting-enting gula jawa
    Sabungkus isine sanga
    Ingatase para siswa
    Wajib seneng nggubah basa

    Mlaku – mlaku ning pasar minggu
    Tuku sendal karo sepatu
    Mas Mansur ngguya – ngguyu
    Jebule tresna karo aku

    BalasHapus
  5. Nama : Dzulfiqar Ade Fadjri
    NIM : 2611411015

    Parikan

    Parikan niku nggih menika kanggih medharake rasaning ati (fikiran) marang tiyang sanes, nanging anggone medharake dipurwakani nganggih ukara sanes sing diarani purwaka (pambuka). Gunane purwaka menika kanggih narik kawigatene tiyang mirengaken.

    -Parikan ingkang damel piyambak:


    -Parikan 2 baris:
    Sore udane deres
    Ketemu kowe dadi gemes

    Ndupak kenake kae
    Ngomong ngapak nggih sae

    Mlaku ing wayah awan
    Menawi boten wonten alangan, kula pengen dadi sastrawan

    Daftar menwa mbayare boros
    Bocah Sastra Jawa pancen jos

    Suketmu di pidak wong mlaku
    Menawi awakmu mumet ngundango aku

    Klambiku podo kancamu
    Awakku naksir sliramu

    Cecak kecemplung lenga
    Tiwas macak ora sida lunga

    Welut tumpakke kreta
    Ojo gelut ngko bagi rata

    Bu Rani tumbas guci
    Tiwas tak parani jebul banci

    Sedulurmu saben isuk mlaku-mlaku
    Yen ngelmu iku kalakone kanthi laku

    -Parikan 4 baris:

    Mlaku-mlaku tekan Gunung Pati
    Menawi Dewekan kudu ngati-ati
    Dadi Mahasiswa iku sing setiti
    Amargi ilmu iku digawa nganti mati

    Universitas Konservasi iku kampusku
    FBS Fakultas pilihanku
    Sastra Jawa menika prodiku
    Pak Wid niku dosen favoritku

    Numpak motor oline netes
    Sing mbonceng wong lemu
    Yen awakmu wis dadi sukses
    Ojo lali marang kanca-kancamu

    Tuku tiket ning Stasiun Tawang
    Numpak sepur sing jenenge Gumarang
    Bocah kae sing awit mau tak sawang
    Barang mlinguk jebul cah lanang

    Awak enak ngombene jamu
    Jamune gaweane ibumu
    Cah ayu aku pengen cedak awakmu
    Merga aku naksir karo sliramu

    BalasHapus
  6. Nama : Aini Machmudah
    NIM : 2611411004

    PARIAKAN
    Contoh :
    Esuk nyuling sore nyuling
    Sing nyuling arek Suroboyo
    Esuk eling sore yo eling
    Sing dieling-eling ora rumongso

    Wetan banyu kulon yo banyu
    Arep nyabrang ora ono praune
    Wetan lemu kulon yo lemu
    Tak timbang-timbang pada abote

    Sewek parang klambine ijo
    Pasang peniti ning duwur dodho
    Tiwas nyawang gak dadi bojo
    Aluwung mati gak opo-opo

    Sawunggaling wayange kuno
    Sing digawe kayune jati
    Sanajan gak eling sambangono
    Ojo gawe gelaning ati

    Nang Jombang kampung Sengon
    Lemah geneng akeh wedhine
    Najan gak seneng kirima ingon
    Nek wis gak seneng opo mestine

    karya :
    2 larik
    Ngadek jejek cekelan bathuk
    Nek wis wareg kok mesti ngantuk

    Kembang suket mekare sore
    Atiku mumet mikirna kowe

    Otot kawat balung wesi
    Negara mlarat kakean korupsi

    Semar mesem , gareng mringus
    Rasane ayem nyawang wong bagus

    Ster kenceng dadi kendo
    Wong seneng durung mesti jodho

    4 larik
    Jalan –jalan menyang pasar klenteng
    Aja lali tuku batik
    Raiku iki memang kereng
    Tapi akih seng ngelirik

    Abang- abang gendero landa
    Ning pinggire ana segara
    Meski ayu tur bagus neng rupa
    Aja geman gawe ati lara

    Sore-sore mangan kacang entis
    Klisak-klisek neng pinggir kali
    Sapa kae bocah sing manis
    Tansah saya menarik ati

    Lembehan kursi neng ngarep lawang
    Ngombe kopi karo kacang
    Bok menawa ana sing kurang
    Tembung ngapura sing kudhu kumandang

    Gedhondhong iku salah sawijining buwah
    Ceblok saka uwit mlebu ing sepatu
    Wabillahitaufiq wall hidayah
    Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatu

    BalasHapus
  7. Uripatul Aeni
    2611411005

    PARIKAN

    1. Tuku uyah turah sѐwu
    Uripѐ susah tanpa ѐlmu

    2. Lunga sawah nggawa arit
    Cah kuliah kudu irit

    3. Dina slasa tuku jamu
    Asihmu krasa ana ing atiku

    4. Numpak bis pada mutah
    Esemѐ manis ora lumrah

    5. Manuk dara manuk emprit
    Wong gawe lara pasti uripѐ sulit

    6. Ana laler ning dhuwur irus
    Wong pinter ora kena gemagus

    7. Bocah lemu menyang pasar
    Nggolѐt ѐlmu kudu sabar

    8. Arep mulih kudu pamit
    Pengin sugih kudu ngirit

    9. Menyang jogja tuku kripik
    Sastra jawa pancѐn apik

    10. Kacang ijo dikum banyu
    Aku tresna karo sliramu

    11. Dina setu lunga pasar
    Lunga pasar tuku sudi
    Golѐt ѐlmu kudu sabar
    Yѐn ra sabar ora dadi

    12. Tuku soto ning Surabaya
    Ora lali tuku lalaban
    Mbakti ning wong tuwa iku utama
    Mbakti neng Negara iku kewajiban

    13. Kacang garuda kacang atom
    Tukunѐ kacang ning pulau jawa
    Wektunѐ kerja wayah enom
    Wektunѐ nyantѐ wayah tuwa

    14. Dunya iki akѐh manungsa
    Manungsa kuwi butuh sandang
    Golѐt bandha aja ngangsa
    Yѐn ngangsa ora bakal tenang

    15. Menyang pasar tumbas trasi
    Trasinѐ mung ana sanga
    Dadi manungsa aja sok ngapusi
    Yѐn sok ngapusi uripѐ rekasa

    BalasHapus
  8. Adi Tyas Angga Rini
    2151407016

    Parikan
    1. Teklek kecemplung kalen
    Timbang golek mending balen
    2. Godhong jambu godhong tela
    Suwe ora ketemu marai gela
    3. Tuku lele ana kumise
    Duh wong bagus sapa jenenge?
    4. Kembang mayang enak rasane
    E anak lanang ngendi omahe?
    5. Wong yen lagi gandrung
    Ora preduli bledhose gunung
    6. Mlaku-mlaku ing prapatan
    Aja lali tuku panganan
    Yen kowe duwe kekarepan
    Dilakoni kanthi tenanan
    7. Tuku bathik cacahe selikur
    Bathike tuku ing Solo
    E aja padha nyekukur
    Mundhak ora bisa apa-apa
    8. Sore-sore tuku gethuk
    Gethuke saka tela nadri
    Suwe-suwe ora pethuk
    Pethuk pisan ora nguati
    9. Tuku gelas putih saka keramik
    Keramike saka kasongan
    Dadi bocah aja seneng umik
    Mundhak padha ora kekancan
    10. Nonton tivi tengah wengi
    Aja lali unjukane kopi
    Dadia uwong premati
    Supaya urip tansah setiti

    BalasHapus
  9. NAMA : AHMAD ALFAN RIZKA ALHAMAMI
    NIM : 2611411014

    PARIKAN.

    1. PARIKAN 2 BARIS

    - Njupuk lemper saka bagor
    Wong pinter kudu andhap asor

    - Nembang pangkur ana kasur
    Wong jujur kalawan makmur

    - Tuku banyu, kutah dalane
    Wis ayu, apik tingkah lakune

    - Gula jawa akeh semute
    wong jawa ra ana tandingane

    - Neng ndalan kesandung watu
    Nak pacaran aja lali sinau

    2. PARIKAN 4 BARIS

    - Tuku uyah neng pasar
    Ana salak ilang regane
    Nak kuliah aja mikir pacar
    Ndak ilang dalan uripe

    - Striya ing dunya iku pandawa
    Pasoepati pusakane arjuna
    Ngilmu iku Kanthi usaha
    Kuwi cara nyekele ndunya

    - Ngarawit lancarane singa nebah
    Titilarase nresep ing ati
    Nak urip elinga ibadah
    Kuwi sangu anggone mati

    - Prabu karna nglawan arjuna
    Kusire Prabu salya lan kresna
    Sing nari jenenge sapa
    kawit ketemu kesandung tresna

    - Awan-awan tuku brambang
    Jebule ana semute
    Ana prawan klambine abang
    Ora ana sing nduwe, mending tak pek wae

    BalasHapus
  10. Lilis Nawati
    2611411013

    PARIKAN 2 BARIS
    • Si Wiwit manen sawi
    Pak Wid dosen bahasa jawi

    • Ngombe kopi ngarep kaca
    Kerep nyawang dadi tresna

    • Si Wiwit madhahi gabah
    Pak Wid pancen gagah

    • Rasa perih kethutuk palu
    Rasa asih margi sering ketemu

    • Kripik bodin rasa sewu
    Lara batin pengen ketemu
    PARIKAN 4 BARIS
    • Katok ireng klambi ireng
    Nyangking arit menek klapa
    Aku seneng kowe seneng
    Ora duwe duwit ora dadi apa

    • Suwe ora jamu
    Jamu kolang-kaling
    Suwe ora ketemu
    Temu pisan gawe pangling

    • Neng unnes ana jajan leker
    Lekere rasa susu
    Jaman saiki akeh wong keblinger
    Margi urip tanpa elmu

    • Tuku kalung sak bakule
    Aku bingung kudu piye
    Menyang alas ayo matun
    Belas ora iso mantun

    • Ana teklek
    Kecebur kalen
    Senajan kowe elek
    I love U till the end

    BalasHapus
  11. nama : wahyu dwi kismawarni
    nim : 2611411007

    PARIKAN
    • Gethuk lindri weton blauran
    Tuku saren neng pasar turi
    Putra lan putri golek didikan
    Durung leren nek durung mati
    • lor kali kidul kali
    tengah kali ono kerduse
    lor nari kidul nari
    di timbang podo baguse
    • sapu tangan pesagi papat
    dak umbah lawan dak sikat
    ayo kanca dak jak mupakat
    yen berjuan aja edan pangkat
    • aja ngulani lapis sak iris
    gulanana abang ijone
    aja mbelani arek ireng manis
    belanana anak bojone
    • mangan bakwan anget-anget
    di pangan karo Lombok abang
    awan-awan adus kringet
    luweh penak yen didusi kembang
    • ireng-ireng kembang telekan
    rupane ireng dadi golekan
    • tengah lawang nyangking kelut
    songgo wong atine nglaut
    • manuk empret menclok ning pager
    dadi murid kudu sing pinter
    • nyangking ember ngiwo tengen
    kula benjing tumut sinten
    • gendeng tak saponane
    abot enteng tak lakonane

    BalasHapus
  12. NAMA : ANA SHOFIANA
    NIM : 2611411020
    ROMBEL : 1 (SATU)
    PRODI : SASTRA JAWA

    PARIKAN RONG BARIS

    • Rai bunder numpak prahu
    Dadi pinter mergo sinau

    • Menyang kali manggul watu
    Aja lali marang limang wektu

    • Manuk emprit menclok ning wit tebu
    Dadi murid kudu sregep sinau

    • Ana gas ra ana wadahe
    Yen ana tugas ndang ayo pada dikerjakke

    • Ana wong bothak lagi pengen basa
    Yen pengen kepenak kudu gelem rekoso

    BalasHapus
  13. NAMA : ANA SHOFIANA
    NIM : 2611411020
    ROMBEL : 1 (SATU)
    PRODI : SASTRA JAWA

    PARIKAN PATANG BARIS

     Manuk emprit menclok ing pager
    Lajeng pindah maring geger
    Dadi murid kudu sing pinter
    Supaya ora dadi wong keblinger

     Lek sarjo mangan semangka
    Olehe tuku gone Paijo
    Sapa bae tumindak ala
    Tembe mburi nemu cilaka

     Sejarah Jawa ana ing Radyapustaka
    Radyapustaka ana ing Sala
    Kita berjuang kanggo Pancasila
    Pancasila ideologi negara

     Esok sore golek upa
    Ana manuk mlebu kandange
    Abot sedulur tandhane apa
    Gething sengit tak ilangane

     Ana sego digawe tumpeng
    Kurang matep ditambah gula
    Ayo pada sinau sing mempeng
    Mumpung kita sih pada muda

    BalasHapus
  14. NAMA : ARIFUDIN
    NIM : 2611411009

    A.PARIKAN

    Parikan iku iku unèn-unèn kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.

    Pathokane parikan :
    1. Kedadean saka rong ukara.
    2. Saben saukara kedadean saka rong gatra.
    3. Ukara kapisan minangka purwaka (pambuka), dene ukara kang kapindho minangka wos (nges, isi)

    CONTOH :

    A.PARIKAN 2 BARIS

    Sinau Basa Jawa ning pinggir kalen
    Dadi Mahsiswa, kudu hormat marang dosen

    Wit pelem ana ning pinggir omah
    Yen kowe mesem, awaku dadi sumringah

    Iwak bandheng,durung wayu
    Priya gantheng ana ning pinggirmu

    Ngolek pithik suwene rong sasi
    Dadi bocah cilik aja sok ngapusi

    Nyangking ember ngiwa nengen
    Lungguh jejer nggo tambah kangen

    Manuk emprit nggawa kawat ing wit waru
    Dadi murid, kudu hormat marang dosen

    Kembang kencur,ganda sedhep sanding sumur
    Kudu jujur yen kowe pengen luhur

    Ana sumur banyune sat
    Ora makmur malah mlarat


    Awan-awan aja kluyuran,ana pak mantri numpak sekuter
    Kapan kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune sing pinter

    BalasHapus
  15. B. PARIKAN 4 BARIS
    Tuku jarit nang pasar turi
    Murah regane marem ake ati
    Dadi murid kudu ngajeni
    Marang guru aja sok wani

    Lunga meng Bengkulu tuku perkutut
    Sing ati-ati dalane gawat
    Dawuhe guru kudu diturut
    Supaya ngelmune bisa manfaat



    Ana gula nang geger
    Cah wadom manis eseme
    Dadi mahasisw kudu sabar
    Yen kepengin akeh ilmune

    Kayu urip ora ngepang
    Ijo-jio godhong jati
    Uwong urip ora gampang
    Mula pada ngati-ati

    BalasHapus
  16. Nama : Afiliasi Ilafi
    NIM : 2611411001

    PARIKAN

    Definisi parikan ialah tradisi lisan, budaya lisan dan adat lisan adalah pesan atau kesaksian yang disampaikan secara turun-temurun dari satu generasi ke generasi berikutnya. Pesan atau kesaksian itu disampaikan melalui ucapan, pidato, nyanyian, dan dapat berbentuk pantun, cerita rakyat, nasehat, balada, atau lagu. Pada cara ini, maka mungkinlah suatu masyarakat dapat menyampaikan sejarah lisan, sastra lisan, hukum lisan dan pengetahuan lainnya ke generasi penerusnya tanpa melibatkan bahasa tulisan. (http://id.wikipedia.org/wiki/Tradisi_lisan)


    Definisi lain, Parikan iku unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata). (http://id.wikipedia.org/wiki/Tradisi_lisan

    Parikan adalah bunyi yang pada bagian pertama sebagai sampiran atau penentu suara, kedua adalah berupa isi. Diungkap dalam bahasa Jawa,
    Parikan yaiku ‘unen – unen rong perangan perangan (bagian) kapisan kanggo pancandan (sampiran) (kanggo pentokaning swara), dene perangan kapindho mawa teges (merupakan isi) kang dikarepake.’
    Parikan adalah bunyi yang terdiri atas dua bentuk yang pertama untuk menarik perhatian yang berupa sampiran dan yang kedua berupa isi.
    Parikan yaiku unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata) http://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan
    .

    Peran pantun (parikan) sebagai alat pemelihara bahasa, pantun berperan sebagai penjaga fungsi kata dan kemampuan menjaga alur berfikir. Pantun melatih seseorang berfikir tentang makna kata sebelum berujar. Ia juga melatih orang berfikir asosiatif, bahwa suatu kata bisa memiliki kaitan dengan kata yang lain. Secara sosial pantun memiliki fungsi pergaulan yang kuat, bahkan hingga sekarang. Di kalangan pemuda sekarang eharusnya, kemampuan berpantun biasanya dihargai. Pantun menunjukkan kecepatan seseorang dalam berfikir dan bermain-main dengan kata.
    Parikan ada dua warna, (dua jenis) yaitu
    1. Terdiri atas 2 kalimat yang bersajak.
    2. Saben saukara kedadean saka rong gatra (larik). Dalam hal ini adalah bentuk parikan panjang
    3. Ukara pertama berupa purwaka (sampiran), ukara kedua berupa uwose (isi).
    http://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan


    Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

    BalasHapus
  17. Parikan iku unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).
    Dari Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas
    Parikan atau kidungan adalah salah satu bagian dalam kesenian tradisional ludruk. Di dalam ludruk, ada tiga jenis parikan saat bedayan (bagian awal permainan ludruk). Yaitu, lamba (parikan panjang yang berisi pesan), kecrehan (parikan pendek yang kadang-kadang berfungsi menggojlok orang) dan dangdutan (pantun yang bisa berisi kisah-kisah kocak).
    CONTOH PARIKAN :
    1. Kucing cilik kepidak jaran
    Jran Teji Kecemplung kali
    Maling pitik Mlebu Pakunjaran
    Sing Korupsi dianggep lali

    2. Sego beras di buntel godong
    Godong tekik bolong-bolong
    Bojo Ayu moblong-moblong
    Leno sitik colong uwong

    3. Motor cilik larang regane
    Motor kuno moro’o mrene
    Wong cilik rekoso uripe
    Perkoro lengo ra ono entek’e


    4. Sego gudeg soko kahuripan
    Kahuripan jenenge sepur
    Wis Mbededeg golek panguripan
    Panguripan di sikat sing nduwur

    5. Kucing limo ilang buntut’e
    Buntut sapi dinggo pecutan
    Perkoro lengo ora ono entek’e
    Jebul di korupsi sing duwe jabatan

    Contoh parikan sendiri
    A.
    1. Gajah diblangkoni
    Isa klojah ra iso nglakoni
    2. Pak gayus tuku wedus
    Mas yus durung adus
    3. Ana jus kentange kei es
    Mas yus bintange aries
    4. Bubur sumsum anta rasane
    Bu sum kusuma arane
    5. Ana sekar kena udut
    Dzulfiqar pancen gendut
    6. Ana loyang dinai es
    Nonton wayang nang TBRS
    7. Ana gedang diwolak walik
    Durung madang aja balik

    Contoh Parikan Buatan Sendiri.



    1. Pring ori tugel pucuke
    Di gawe batang seruling
    Ning ora saiki besuke
    Asal urip bisa kesanding

    2. Mangan gedang buang kulite
    Dibuang tempat sampah
    Olih bujang akeh duite
    Asal rejekine halal berkah

    3. Omah gedhong langka isine
    Sanajan mewah tapi bolongi
    dadi wong seneng gengsine
    Mundhak akeh sing ngomongi

    4. Gerong iku mung saderma
    Kanggo angiringi nembang jawi
    Wong urip mung sadela
    Mula pereka marang ilahi

    5. Mancing iwak ana segara
    Yen olih digawa bali
    Saiki lagi mentingake awak
    Kanggo nglatih marang ilahi

    6. Numpak kreta mudun poncol
    Nggawa barang numpak becak
    Jare sapa dukun jempol
    Ngobati dewe malah cilaka

    7. Bungah ngeh lan swarane
    Lagi mireng ana kupingku
    Kuliah diunnes akeh kancane
    Dadi seneng rasa atiku

    8. Tradisi slametan wis biasa
    Gunungan iku dadi mangsa
    Generasi mudha harapan bangsa
    Sing membangun negara indonesia

    9. Jajan bolu karo tela
    ajining diri saka busana
    sanajan aku wong desa
    Nanging ora geden rumangsa

    BalasHapus
  18. Kusuma Ayu Purwati
    2611411003

    Parikan 4 larik:
    Esuk nyuling sore nyuling
    Suline arek Surabaya
    Esuk eling sore eling
    Sing dieling ora rumangsa

    Saben dina sangu rantangan
    Isine rantang katon methuthuk
    Aku pancen bubar mangan
    Tapi ora mangan gethuk

    Sore-sore menyang kampus
    Ana sing gawa oleh-oleh
    Menawa ana sing barputus
    Mending ayo golek meneh

    Jalan-jalan menyang Ungaran
    Aja lali tuku rambutan
    Menawa lagi padha pacaran
    Aja ngasi kebablasan

    Mlaku-mlaku tuku sate
    Aja lali tuku ketan
    Dadi wong aja santai
    Ngko malah kebablasan

    BalasHapus
  19. Dwi Haryadi
    2611411024

    Yuyu adus, dirubung kepik.
    Apa gunane ayu lan bagus, klakuane ora becik

    Mlayu mlayu, tuku ketan
    Ayu ayu, kok brengosan

    Ana teko, isine lenga
    Aku teko, ojo podho lunga

    Neng alas, mangane bakso
    Wis jam rolas, wayahe ngaso

    Dolan mengetan, dioyak setan
    Najan brengosan, tapi menawan

    Bapak lagi dandan sanyo
    simbah turu nang kloso
    akeh musibah nang isine ndunyo
    mergo menungsone kakean duso

    Gunung Merapi rupane biru
    dicedaki dadi ijo wit-witan cemara
    Menawi aku akeh keliru
    nyuwun agenging samudra pangapura

    Manuk perkutut
    Mencrok nang wit waru
    Nek ra patut
    Klakuane aja ditiru

    Tangan lara kena peso
    neng apotik tuku obat
    nek rumongso akeh duso
    ndang tobat lan ojo lali sholat

    Awan – awan nggawa karung
    Mlaku mung kaos kutangan
    Mlebu warung
    Nyoba goleki utangan

    BalasHapus
  20. FITRI FEBRIYANTI
    2611411023

    PARIKAN

    Unen-unen cacahe rong gatra (larik). Larik sepisan minangka parikane, larik kapindho dadi isine. Lan, guru lagune parikan iku padha.
    Tuladha saka internet
    Es lilin dawa-dawa
    Wis salin ora sida

    Gawe glali gulane tebu
    Aja lali karo aku

    Gresik Surabaya
    Kalah dhisik aja gela

    Nyangking ember ngiwa nengen
    Lungguh jejer kanggo tamba kangen

    Sayur bayem tempe bosok
    Mesam-mesem kepengin ndelok

    Tuladha damel piyambak
    Banyu biru turut kali
    Esemu endah ing ati

    Wit pring ning pinggir kali
    Yen wis nyanding lego ning ati

    Pring kuning keli ning kali
    Yen ora nyanding gelo ning ati

    Tuku gori karo lilin
    Ayu ning diri saka batin

    Nemu jagung banjur ditandur
    Tulung-temulung agawe makmur

    Ana bocah dolan ning sampangan
    Sapa salah bakal konangan

    Mangan tela karo sila
    Tumindak ala bakal cilaka

    Banyu kali katon jembar
    Wong lali ora kelingan

    Gerih teri ora legi
    Aja padha iri yen ora isoh nglakoni

    Golek lenga entuk jelli
    Yen lunga kudu bali

    BalasHapus
  21. PARIKAN 4 BARIS

    numpak becak nganggo sandal
    sandale merk swallow
    ana bocah senengane nakal
    yen didangu mung mlongo-mlongo

    wajan isi nangka
    ana klenthing kang warna-warna
    sanadyan aku isih tresna
    nanging kowe gawe lara

    waktu kuwi rega mati
    larang lan ora mungkin diakali
    nyata atiku uwis ngerti
    marang sliramu sing saiki

    ana gula rasane legi
    legine kerasa kanthi pati
    aja seneng gawe janji
    yen amung ana ing lathi

    wajik klethik saka tela
    rasane legi tombo lara
    bocah cilik diajari tata krama
    kanggo migunani yen wis tua

    BalasHapus
  22. Nama :Ika Setiyawati
    NIM :2611411006
    Prodi :Sastra Jawa

    PARIKAN (2 baris)

    Pakde teko nggowo wulu
    Ngakune joko jebule anake telu

    Awan-awan mangan gethuk
    Bubar mangan kok ngantuk

    Wit gedhang awoh pakel
    Omong gampang nglakoni angel

    Gong suarane banter
    Aja sombong-sombong ndak keblinger

    Pitik walik jambul abang
    Lirak –lirik mung trima nyawang

    Jamu pisan odhong bayem
    Ketemu pisan atine ayem

    Kembang turi melok-melok
    Ora breduli wong ngolok-ngolok

    Blarak sempel kelapa tuwa
    Bocah nakal aja di uja

    Ali-ali ilang matane
    Aja lali karo wong tuwane

    Wit pakel kesrempet bis kota
    Najan angel tetep usaha

    Manuk emprit nggawa kawat ing wit waru
    Dadi murid ,kudu hormat marang guru

    Nyangking ember kiwa tengen
    Lungguh jejer kanggo tamba kangen

    Rasane lombok iku pedhes
    Dadio wong ojo judhes

    Awan-awan tuku uyah
    Kudu tenanan yen kuliah

    BalasHapus
  23. Nama :Ika Setiyawati
    NIM :2611411006
    Prodi :Sastra Jawa

    Parikan 4 baris

    Siji loro telu papat
    Lima enem pitu wolu
    Bengi – bengi mangan iwak sepat
    Angger enak aku melu

    Wit gedhang awoh pakel
    Wite pakel kesrempet bis kota
    Omong gampang nglakoni angel
    Najang angel tetep usaha

    Papat ping loro
    Isine wolu
    Ngakune joko
    Jebule anake telu

    Rujak cengkir
    Pantese diwadahi cangkir
    Mlipar mlipir
    Polahe wong lagi naksir

    Mbah Surip tuku klobot
    Pethuk mbak Ucik gawa roti
    Wong urip pancen abot
    Mula becik ngati-ati

    Kembange kembang cempaka
    Dudu kembang arum dalu
    Mumpung isih mudha
    Kudu sregep golek ngelmu

    Jangan kacang jangan kara
    diwenehi uyah kurang gula
    welingku maring para mudha
    aja wedi ing rekasa

    wetan gunung kulon ya gunung
    ono sumur banyune asat
    wiwit kuncung nganti gelung
    ora tau makmur malah mlarat

    Pentil asem arane cempaluk
    Kembang jengkol arane kecuwis
    Cah mesem kae pancen cempluk
    Senajan di senggol senengane ceriwis

    Pit abang
    Pite mas Mantri
    Nek ngesun kembang
    Aku ya ngantri

    Dondong opo salak
    Duku cilik – cilik
    Meh ngandong opo mbecak
    Mending mlaku timik – timik

    BalasHapus
  24. FARAH NUR AFINI
    NIM.2611411018
    PARIKAN
    a. Contoh parikan hasil pencarian :
    - Wédang bubuk, gulå jåwå.
    Yèn kêpêthúk ati legå.
    - Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.
    Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.
    - Wajik klêthik gulå abang.
    Aja suthík, yèn tumandang
    - Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.
    Najan ora mampír, nangíng liwat.
    - Kêmbang jagung, dipêthik Cina.
    Barang wis kadhúng dikapaknå.
    b. Contoh parikan buatan sendiri :
    - Perkutut, ana ing kali
    Yen ora patut, aja diambali.
    - Awan-awan, lunga menyang pasar
    Yen arep nglawan, aja nganggo tumindak kasar.
    - Ana kupu, neng pinggir kali
    Nadyan ora ketemu, ya aja lali.
    - Muter-muter, neng Gunungpati
    Nek pengin pinter, ya kudu sregep nggeti.

    - Ana gorengan, neng ndhuwur meja
    Yen pengin mangan, kudu gelem usada.
    - Ana Landa, mangan tales
    Aja kandha, yen padha males.
    - Silir-silir, disambi mangan gerèh
    Yen wis nglilir, aja turu maneh.
    - Pindhang teri, disunduk kayu
    Kabeh ya ngerti, yen aku ayu.
    - Biyen gerah, didhahari tawon
    Yen lagi kuliah, ya aja guyon.
    - Duduh santen, diwutah ula
    Cekap semanten, saking kula.
    PARIKAN EMPAT BARIS BUATAN SENDIRI
    1. Ratu kuru golek kusir
    Nadyan sayah tetep mlaku
    Nasib kuwi ja dipikir
    Yen wis wayah mesti ketemu
    2. Ana timun rasa jamu
    Jamu gendhong ora tuku
    Aja gumun aja nesu
    Aku iki ya pancen ayu
    3. Golek kluban karo udud
    Udud klaras dadi latu
    Gegayuhan kudu kawujud
    Aja males padha sinau
    4. Lunga blanja klambinan abang
    Ketemu Landa arane Surip
    Ayo kanca padha sembayang
    Emut karo sing gawe urip
    5. Tela amoh kaya roti
    Rotine ya roti Mari
    Saka adoh kaya widadari
    Eee…dicedhaki jebul Tèsi

    BalasHapus
  25. Nama: Dany Kristian Agustinus
    NIM:2611411021


    PARIKAN

     Ono sawah ijo royo royo
    Ana bocah dicaplok boyo
     Ngombe kopi neng pinggir kali
    Wung mati bakal balik marang Gusti
     Mlaku mlaku neng pasar minggu
    Wung iku pancen ayu
     Wit jati, wit onjo
    Nduwe ati kudu dijaga
     Manuk merpati ,manuk dara
    Aja ngapusi marang wung tua

    PARIKAN
     Mlaku mlaku neng pasar minggu
    Ora lali tuku klambi
    Bocah iku pancen ayu
    Nek di sawang enaki ati
     Kuning kuning klintir neng kali
    Ambune ra enak lan ra nguati
    Wung urip bakal mati
    Lan balik marang Gusti
     Muter muter neng gunung bromo
    Ora lali mangan sego
    Wung sing atine lomo
    Bakal mlebu neng swargo
     Tuku klambi neng pasar wage
    Tuku kathok neng pasar puri
    Wung sing jembar atine
    Mesti nduwe akal budi
     Sandal jepit sandal tengklek
    Paling enak mangan roti
    Wung kang klakuane elek
    Bakal digeting lan dimusuhi

    BalasHapus
  26. TIA MUKTI FATKHUR ROKHMAH (2611411019 )

    PARIKAN
    ( Damel Piyambak )
    Mangan tempe wayah mbengi
    Sliramu ayu tmen tho dhe, ora ana sing nandingi

    Wit gedang pada doyong
    Wong sing tak gadang-gadang wis dadi ndeke wong

    Numpak sepur, sepure kaligung
    angan-angan sing wis kabur mung gawe bingung

    Sega kucing tempe mendoan
    Aja kecing dadia wong wanian

    Sumur jero ana ulane
    Aku tresna karo kowe

    Numpak motor maring simpang lima
    Jiwaku wis kotor pengen ndang njaluk ngampura

    Dawet ayu gula jawa
    sliramu cah ayu gawe ati gela

    Mangan tempe sore-sore
    Wetengku luwe pengen mangan lele

    Mlaku-mlaku karo maca buku
    Katresnanku namung karo sliramu

    Tuku siomay wadahe plastik
    Rupamu aduhai gawe aku ketarik

    Numpak sepur kaligung
    Gelar koran ning jerone
    Ayuh padha eling marang maha Agung
    Sekaliyan nyuwun ampurane

    Esuk-esuk mangkat kuliyah
    Tangi awan dadi kasepan
    Awak krasa lungkrah
    Ngadhepi tugas sing keteteran

    Tetembangan ning dhuwur klasa
    Klasane ning sor wit asem
    Sliramu si kembang desa
    Manis banget yen lagi mesem

    Lungguh klasa nang jero sepur
    Nyemplung segara asin rasane
    Wulan suro ayuh dosa padha dilebur
    Mumpung lipat ganda pahalane

    Jangan terong gorengan tempe
    Sega jagung kuning warnane
    Aja seneng serong karo kancane
    Yen konangan aduh wirang rasane

    Pengawet kimia jenenge tawas
    Kanggo ngawetake tempe mendhowan
    Niate garap tugas
    Eh pas buka internet malah nguja fesbukan


    ( Mados )

    Wedang bubuk, gula jawa.
    Yen kepethuk ati lega.
    Sepet sepet, sawone mentah.
    Diempet empet selak ora batah.
    Wajik klethik gula abang.
    Aja suthik, yen tumandang
    Godhong kecipir, mrambat kawat.
    Najan ora mampir, nanging liwat.
    Kembang jagung, dipethik Cina.
    Barang wis kadhung dikapakna.
    Manuk emprit, menclook godhong tebu.
    Dadi murid, sing sregep sinau.
    Manuk kutut, manggung ngganter.
    Yen ra nurut, bisa keblinger.
    Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå.
    Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa.
    Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari.
    Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati
    Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå.
    Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså.
    Awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter.
    Kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr.
    Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
    Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå

    BalasHapus