Rabu, 23 November 2011

wangsalan

wangsalan adalah: 

24 komentar:

  1. Nama : Dzulfiqar Ade Fadjri
    NIM : 2611411015

    Wangsalan
    Wangsalan inggih menika unen-unen wujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangan mau mung nrempet bae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane. Batangan mau lumrahe isi piwulang. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
    1.Wangsalan ingkang madosi:
    1. reca kayu, goleka sabda rahayu. ( reca kayu = golekan)
    2. bayem arda, dhasar anteng tur jatmika (bayem arda = lanteng)
    3. kukus gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus gantung = sawang)
    4. durna putra, ngudiya basa utama (durna putra = aswatan)
    5. gayung sumur, kewan gung granane dawa. aja kemba, mangesthi saliring karya. ( gayung sumur = timba; kewan gung granane dawa = esthi (gajah))
    6. bibis tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
    7.Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
    8.Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)
    9.Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
    10.Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
    (sêkar arèn = dangu).
    11.Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
    (roníng mlinjo = so - dadi ngaso).

    2.Wangsalan ingkang damel piyambak:
    - Ngêmbang kacang, yen mbesengut wajahmu ora ayu.
    (kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
    -Kambing wana, bektia mring kadang wredha
    (Kambing wana=kidang dadi kadang)
    -Kambing balap, nyegaha hawa lan napsu
    (Kambing balap=asu dadi napsu)
    - Ngembang garut nggrêmêng sak karepe dewe
    (Ngembang garut gremeng dadi nggremeng)
    - Balung pakèl, aku seneng ndelok sing wajahe elok
    (Balung pakèl = pelok dadi elok)

    BalasHapus
  2. YUSUF SAPUTRA
    2611411016

    Wangsalan
    Wangsalan inggih menika unen-unen wujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangan mau mung nrempet bae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane. Batangan mau lumrahe isi piwulang. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
    Wangsalan ingkang madosi:
    1. Jênang gu1å kowe åjå lali.
    (jenang gulå = glali).
    2. Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan
    (kêmbang garut = grêmêng),
    3. Mbalúng janúr, gêlêma paring usådå.
    (balúng janúr = sådå).
    4. Ngêmbang kacang, mbêsêngut ora kalêgan.
    (kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
    5. Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
    (sêkar arèn = dangu).
    6. Kêmbang jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar.
    (kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).
    7. Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
    (roníng mlinjo = so - dadi ngaso).
    8. Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa apurå.
    (klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)
    9. Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki.
    (kêmbang gêmbili = sênêng).
    10. Witíng klåpå jawåtå ing ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
    (witing klåpå = glugu dadi saluguné)

    Wangsalan ingkang damel piyambak:
    1. Anak Ayam, Jaok Dituthuk
    (Anak Ayam = Kuthuk)
    2. Wit Telo, Jaok Digulung
    (Wit Telo = Lung)
    3. Godhong Aren, Miring-Miring
    (Godhong Aren= Dliring)
    4. Kembang Dhadhap, Dudu Balung
    (Kembang Dhadhap = Celung)
    5. Penthil So, Ora Enak Disoto
    (Penthil So= Kroto)
    6. Woh Bengkoang, Ora Kesusu
    (Woh Bengkoang=Besusu)
    7. Isi Duren, Boten Kangge
    (Isi Duren= Pongge)
    8. Anak Kethek, Remuk Bunyuk
    (Anak Kethek= Munyuk)
    9. Swarane Kodhok, Diorek-Orek
    (Swarane Kodhok= Ngorek)

    BalasHapus
  3. NIM. 2611411018
    WANGSALAN

    Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang.
    Jenisé Wangsalan :

    * Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra kang ngarep isi wangsalan, gtra sing isi batangané.

    Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

    * Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.

    Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula

    * Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.

    Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

    * Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).

    Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.

    BalasHapus
  4. LAMJUTAN

    * Wangsalan mawa paungeran tartamtu

    Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
    Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
    Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
    Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
    Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
    Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
    Wulang wido mangsa rowang = bido

    * Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .

    1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
    2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
    3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.

    Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.

    * Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.

    Tuladha: Sinom
    Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
    Petis manis = kecap

    * Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).

    Wangsalan ingkang pados :
    Tuladha sing wujud ukara:

    * Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
    * Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

    Tuladha sing wujud tembang:

    1. Jirak pindha munggwing wana
    2. Sayeng kaga we rekta
    3. Sinambi kalaning nganggur
    4. Wastra tumrap mustaka
    5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
    6. Kinarya langen pribadi

    Batangane:

    * Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
    * Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
    * We rekta kang muroni = iket.
    * Baon sabin = karya.

    (http://jv.wikipedia.org/wiki/Wangsalan)
    Wangsalan ingkang damel piyambak :
    1. Kembang duren (Dlongop) => Clongap clongop kaya iwak langen ing kali.
    2. Godhong garing (Kliang) => Kok sampun siang nanging suryanipun teksih surup?
    3. Wit klapa (Glugu) => Nek ana wong ngomong kudu di gugu.
    4. Anak kebo (Gudél) => Klambi rusak merga di dhédhél.
    5. Wadhah banyu (Paso) => Ngaso kuwi ditindakake yen wis kerja.

    BalasHapus
  5. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  6. Nama : Dwi Haryadi
    NIM : 2611411024

    Wangsalan
    Wangsalan iku unen-unen wujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangan mau mung nrempet bae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane. Batangan mau lumrahe isi piwulang.
    Tuladha :
    1) Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung = angklung = cengklungen)
    2) Yen ora nesu, geneya kowe kok mentil kacang, mrengut terus. (mentil kacang = sungut = mrengut)
    3) Balung geni, mbokmenawa aku rene liya dina. (balung geni = mawa = mbokmenawa)
    4) Pindhang lulang, kacek apa aku karo dheweke. (pindhang lulang = krecek = kacek)
    5) Kancing gelung munggweng dhadha, titenana! (kancing gelung munggweng dhadha = peniti = titenana)
    6) bibis tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang pinanggya (bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
    7) tapas aren, aren arab wijilira. tindak tanduk, nora ninggal tata krama. (tapas aren = duk; aren Arab wijilira = kurma)
    8) saron agung, agung agunging sujanma. yen mung ewuh, sabarang nora tumeka (saron agung = demung; agung agunging sujanma = ratu)
    9) cipta arda, ardaning tyas mring sasama. tyas susila, nor raga ambek jatmika. (cipta arda = nepsu; ardhaning tyas mring sasama = ambek)
    10) mamet tirta, tirta jawah jro ketiga. suka lila,lebur luluh labuh praja. (mamet tirta = ngangsu, tirta jawah jro ketiga = labuh)

    wangsalan ingkang dhamel piyambak :
    1. Penthil nangka, cah lanang senenge bal – balan. (penthil nangka = babal = bal - balan)
    2. Anak luthung, kowe aja dhuwur – dhuwur yen penekan mbok tiba.(anak luthung = kowe = kowe )
    3. Godhong mlinjo, bocah kok ngapa wae ra biso. (godhong mlinjo = so = biso)
    4. Godhong gedang garing, yen nembang nganggo titi laras sing bener. (godhong gedang garing = klaras = laras)
    5. Kulit pari, nang Mesir akeh sing pada perang. (kulit pari = merang = perang)

    BalasHapus
  7. NAMA : ARIFUDIN
    NIM : 26111009

    WANGSALAN
    Wangsalan iku unen-unen wujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangan mau mung nrempet bae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane. Batangan mau lumrahe isi piwulang, utawa rumpakan sing saemper cangkriman, nanging tembusane utawa ancase wis dikandhaake pisan.

    Tuladha:
    • reca kayu, goleka sabda rahayu. ( reca kayu = golekan)
    • bayem arda, dhasar anteng tur jatmika (bayem arda = lanteng)
    • kukus gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus gantung = sawang)
    • durna putra, ngudiya basa utama (durna putra = aswatan)
    • gayung sumur, kewan gung granane dawa. aja kemba, mangesthi saliring karya. ( gayung sumur = timba; kewan gung granane dawa = esthi (gajah))
    • bibis tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
    • tapas aren, aren arab wijilira. tindak tanduk, nora ninggal tata krama. (tapas aren = duk; aren Arab wijilira = kurma)
    • saron agung, agung agunging sujanma. yen mung ewuh, sabarang nora tumeka ( saron agung = demung; agung agunging sujanma = ratu)
    • cipta arda, ardaning tyas mring sasama. tyas susila, nor raga ambek jatmika. ( cipta arda = nepsu; ardhaning tyas mring sasama = ambek)
    • mamet tirta, tirta jawah jro ketiga. suka lila,lebur luluh labuh praja. ( mamet tirta = ngangsu, tirta jawah jro ketiga = labuh)

    Wangsulan ing dhuwur kuwi awujud ukara rong gatra. gatra kapisan cangkimane, gatra kapindo batangane. Ana kang mawa etungan 4 wanda + 8 wanda, ana kang etungane ( 4 wanda + 8 wanda) x 2

    Kajaba wangsalan wangsalan ing dhuwur uga ana wangsalan padinan. Ukara wangsalan padinan iku ora ndadak nganggo ngelingi etungan cacahing wanda. Ana sing ngganggo nyebutake batangane, ana sing tanpa nyebutake batangane.

    A. tuladha wangsalan padinan kang ora nyebutake batangane :
    • We lha, njanur gunung kowe tekan kene. (janur gunung = aren = kadingaren)
    • Bok aja nglemah bengkah. (nglemah bengkah = tela = nyela nyela)
    • Aja njenang gula lho karo aku. ( jenang gula = glali = lali)
    • Wah, mandhan rawa lho kowe, bareng macak Jawa ( pandhan rawa = wlingi/manglingi)
    • Mung kepengen nggentha dara. ( gentha dara = sawangan = nyawang)

    B. Tuladha wangsalan padiman kang nyebutake batangane
    • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung = angklung = cengklungen)
    • Yen ora nesu, geneya kowe kok mentil kacang, mrengut terus. ( mentil kacang = sungut = mrengut)
    • Balung geni, mbokmenawa aku rene liya dina. ( balung geni = mawa = mbokmenawa)
    • Pindhang lulang, kacek apa aku karo dheweke. ( pindhang lulang = krecek = kacek)
    • Kancing gelung munggweng dhadha, titenana! ( kancing gelung munggweng dhadha = peniti = titenana)

    BalasHapus
  8. LANJUTAN .....

    C.Wangsalan Wujud Tembang

    Pangkur

    Singgang gung kang pinarya
    Mardi siswa kakawaninering estri,
    Wineh winulangaken wadu,
    Peputhut mong pregiwa,
    Kang sumewa pasewakaning kalanguan,
    Pangrantamireng pradangga,
    Sesendhonan genti-genti,
    - Singgang gung kang pinarya : winih
    - Mardi siswa : mulang
    - Kakawinering wedi : wada
    - Peputhut mong pregiwa : janaloka
    - Pangrantamingireng pradangga : sendhhon


    Kinanthi

    Kinanthi linging pitutur,
    Kenthang rambat menyan putih,
    Awasna dipun pratela,
    Noleha wiranging wuri,
    Cecangkok wohing kelapa,
    Kang dadi pathoking uri
    - Kenthang rambat : telo
    - Menyan putih : wlirang
    - Cecongkak wohing kelapa : bathok


    D. Wangsalan Edi Peni
    1. Ancurkaca, kocak munggwanging netra
    Wong eruh rasa, tan mamak ing tata krama
    (ancur kaca : rasa, kocak munggawing netra : tesmak )
    2. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
    Ora gampang wong urip ing alam donya.
    (carang wreksa : pang)
    (wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)
    3. Kolik priya, wanara anajani putra,
    Tuhu eman, wong anom wedi kangelan.
    (Kolik priya : tuhu, wanara anjani putra : anoman)

    E. Wangsalan ingkang damel piyambak
    1. . Wedang ireng, pipi alus sapa sing duwe
    (wedang ireng : kopi)
    2.Roning mlinjo,sampun sayah nyumun ngaso
    (roning mlinjo : so )
    3. .Anak ayam, aja kegedhen bathuk,
    Anak aym : kuthuk )
    4. Kembang gedhang, dadi wong aja senenge klantang-klantung
    (kembang gedhang : jantung )
    5. Sekar aren, smapun dangu-dangu
    (sekar aren : dangu )
    .

    BalasHapus
  9. Candi Asri Dewi 2611411011

    Wangsalan
    Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelake batangane utawa tebusane sarana sinandi.

    Tuladha saking internet :

    a. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
    Ora gampang wong urip ana ing alam donya
    carang wreksa : pang dadi gampang
    wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip dadi wong urip
    b. Ancur kaca, kaca kocak munggwig netra.
    Wong wruh rasa, tan mamak king tata karma
    ancur kaca : rasa dadi rasa
    kaca kocak munggwing netra : tesmak dadi mamak
    c. Nggodhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras.
    godhong garing : klaras dadi nglaras
    d. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
    jangan gori : gudheg dadi judheg
    e. Kendhil dawa, enggal ditandangi
    kendhil dawa : dandang dadi ditandangi

    Tuladha ingkang damel piyambak :
    a. Ngrokok cendhak, neges-neges kui ora apik.
    Ngrokok cendhak = tegesan dadi neges-neges
    b. Janur gunung, kadingaren ora ketok irunge
    Janur gunung = aren dadi kadingaren
    c. Sekar aren mas, sampun dangu kok boten kepanggih
    sekar aren : dangu dadi dangu
    d. Witing klapa jawata ing ngarsapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
    witing klapa : glugu dadi salugune
    e. Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar.
    kembang jambu : karuk dadi kemaruk

    BalasHapus
  10. AFILIASI ILAFI
    2611411001

    Wangsalan
    yaiku rumpakan yang seperti cangkriman, tapi ancane sudah diberitahukan sekali

    tuladha wangsalan saking internet
    . blimbing bumi (wesah) artine susah
    • gelepung sawi (kanji) artine janji
    • ngelawang banyu (dham) artine ngidham
    • ngelemah bom (pasir) artine ngesir
    • mbelung nangka (beton) artine katon-katonen
    • ngerambut pitik (wulu) artine ngelulu
    • gelang alit (ali-ali) artine ngelali

    tuladha wangsalan piyambak
    kintel godhong (kembang wongso) artine nelongso
    • griya alit wonten pinggire mergi (pejagan) artine jaganen
    • manuk putih saba wuwungan (manuk dara) artine kari ketara.
    • jahe wana (lempuyang) artine oyang
    • kembang gula (gelali) artine lali--thx for kang ju-- (musa)

    BalasHapus
  11. Lilis Nawati
    2611411013
    Sastra Jawa

    Wangsalan
    Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé.[1] Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang.
    Wangsalan jroning pacelathon
    Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
    Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
    Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
    Nggodhong garing, ésuk-ésuk kok wis nglaras (godhong garing = klaras)
    Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
    Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
    Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
    Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
    Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)

    Wangsalan èdi pèni
    Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
    Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)

    Wangsalan awujud tembang
    Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.
    - kenthang rambat = tèla
    - menyan putih = wlirang
    - cecongkak wohing kalapa = bathok

    Wangsalan dhanel piyambak
    Isi nangka, wancine tengah wengi. ( isi nangka = kwaci = wanci )
    Kembang jambe, layang kagem Ibu ( kembang jambe = mayang = layang )
    Kembang widara putih, raksasa kuwi gede awake ( kembang widara putih = rejasa = raksasa )
    Woh turi, tuku kentang ning pasar ( woh turi = klentang = kentang )
    Woh bengkoang, dadi wong aja kesusu ( woh bengkoang = besusu = kesusu )

    BalasHapus
  12. WANGSALAN
    Wangsalan juga termasuk puisi dan merupakan puisi yang sangat indah, karena susunan kata-katanya kait berkait secara semu. Jika dirasakan, kadang-kadang mirip dengan cangkriman.
    Berikut contoh wangsalan:
    • Atis hawa, ampun lali pecel nganjuk. [atis hawa: sejuk → Nganjuk]
    • Balung janur, sedane kok ndhisiki. [balung janur: sada → seda]
    • Bebek rawa, wis cumawis samekta. [bebek rawa: mliwis → cumawis]
    • Kembang jambu, kemaruk klambine anyar. [kembang jambu: karuk → kemaruk]
    • Damar mancung, yen cupet ja gampang bingung. [dammar mancung: upet → cupet]
    Contoh wangsalan:
    • Wayang kayu, goleka kawruh rahayu. [wayang kayu: golek → goleka]
    • Pohung garing, ayo mampir menyang Trenggaglek. [pohung garing: gaplek → Trenggalek]
    • Nggodhong garing, bengi-bengi kok isih nglaras. [nggodhong garing: klaras → nglaras]
    • Isi mlinjo, becik lunga menyang solo. [isi mlinjo: kecik → becik]
    • Jenang gula, yen lali enggal elinga. [jenang gula: gulali → lali]

    BalasHapus
  13. Ika Setiyawati
    2611411006
    Sastra Jawa

    WANGSALAN

    Wangsalan merupakan salah satu bagian kebudayaan masyarakat Jawa. Wangsalan adalah kata-kata yang jawabannya sudah ada pada sukukata kata–kata nya.

    Wangsalan ingkang madosi
    ⒈Nyaron bumbung, nganti cengklungen aku.
    Saron bumbung : angklung.
    ⒉Balung jagung sampun ketanggelan.
    Balung jagung : janggel
    ⒊Wong kok mentil kacang, mbesengut wae.
    Pentil kacang : besengut.
    ⒋Sarung jagung, bobot timbang ana kowe.
    Sarung jagung : klobot.
    ⒌Balung geni, mbok menawa dolan mrene.
    Balung geni : mawa.
    ⒍Mandhan rawa, jan manglingi tenan lho.
    Pandhan rawa : wlingi.
    ⒎Bebek alit kok wira-wiri ono opo to?
    Bebek alit : meri.
    ⒏Mrico kecut togna wae sak'uni-unine.
    Mrico kecut : wuni.
    ⒐Sajake kowe lg mader bungkuk le, katon ngurang-ngurangi.
    Wader bungkuk : urang.
    ⒑Ojo urang dhingklik, sajak kemayu tenan.
    Urang dhingklik : yuyu.

    Wangsalan ingkang piyambak
    1.Isi sawo, kudu becik lakumu
    (isi sawo: kecik)
    2.Godhong asem, tembangana macapat sinom
    (godhong asem: sinom)
    3.Wit jangung, tanduren ing kebon
    (wit jagung: tebon)
    4.Anak nyambik, aku tresna karo sliramu
    (anak nyambik: slira)
    5.Penthil kacang, dadi wong mbok aja mbesengut wae
    (penthil kacang: besengut)
    6.Kembang kluwih, kudu ngati-ati yen ngonthel pit
    (kembang kluwih: onthel)
    7.Anak kemangga, bocah kae kok ceriwis wae
    (Anak kemangga: ceriwi)
    8.Anak kura, kurang sedep yen bumbune kurang laos
    (Anak kura: laos)
    9.Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni
    (Nyaron bumbung: angklung)

    BalasHapus
  14. NAMA : ANA SHOFIANA
    NIM : 2611411020
    PRODI : SASTRA JAWA_11

    WANGSALAN
    (Ndamel piambak)
    a). Jangan sate = aja sedeh, aku isih nek sandingmu
    jangan sate arane lodeh
    b). Kembang gedang = lagi njetung koyok patung
    kembang gedang arane jantung
    c). Pring nom = weteng kembung, mergo masuk angin
    pring nom arane bung
    d). Wadah banyu = bocal ngompol, golekke kinjeng
    wadah banyu arane botol
    e). Bojone gembok = ati-ati yen lunga dewekan
    bojone gembok yaiku kunci
    (pados)
    a). Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
    Ora gampang wong urip ana ing alam donya
    carang wreksa : pang dadi gampang
    wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip dadi wong urip
    b). Ancur kaca, kaca kocak munggwig netra.
    Wong wruh rasa, tan mamak king tata karma
    ancur kaca : rasa dadi rasa
    kaca kocak munggwing netra : tesmak dadi mamak
    c). Nggodhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras.
    godhong garing : klaras dadi nglaras
    d). Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
    jangan gori : gudheg dadi judheg
    e). Kendhil dawa, enggal ditandangi
    kendhil dawa : dandang dadi ditandangi
    f) Sekar aren mas, sampun dangu kok boten kepanggih
    sekar aren : dangu dadi dangu
    g). Witing klapa jawata ing ngarsapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
    witing klapa : glugu dadi salugune
    h). Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar.
    kembang jambu : karuk dadi kemaruk
    i). Kinanthi
    Kinanthi linging pitutur,
    kenthang rambat menyan putih,
    awasna dipunpratela,
    noleha wiranging wuri,
    cecangok wohing kalapa,
    kang dadi pathoking uri
    kenthang rambat : tela dadi dipunpratela
    menyan putih : wlirang dadi wiranging
    cecongkak wohing kalapa : bathok dadi pathoking
    j). Pangkur
    Singgang gung kang piniyara,
    mardi siswa kakawinireng estri,
    wineh winulangaken wadu,
    peputhut mong Pregiwa
    kang sumewa pasewakaning kalangun,
    pangrantamireng pradangga,
    sesendhonan genti-genti.
    singgang gung kang piniyara : winih dadi wineh
    mardi siswa : mulang dadi winulangaken
    kakawinireng estri : wadu dadi wadu
    peputhut mong Pregiwa : janaloka dadi pasewakaning
    pangrantamireng pradangga : sendhon dadi seendhonan

    BalasHapus
  15. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  16. Nama : Siti Fatimah
    NIM : 2611411010

    Merupakan salah satu bagian kebudayaan masyarakat Jawa. Wangsalan adalah kata-kata yang jawabannya sudah ada pada sukukata kata–kata nya. Wangsalan ada yang mudah ada pula yang sulit dalam memahaminya.

    Menawi tuladhanipun wangsalan ingkang pados :

    Pindhang lulang, kacek apa aku karo dheweke. ( pindhang lulang = krecek = kacek )
    Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung = angklung = cengklungen )
    bayem arda, dhasar anteng tur jatmika ( bayem arda = lanteng = anteng )
    kukus gantung, sawengan kang adi luhung. ( kukus gantung = sawang = sawengan )
    tapas aren, aren arab wijilira. tindak tanduk, nora ninggal tata krama. ( tapas aren = duk = tanduk; aren Arab wijilira = kurma = krama )

    Menawi tuladhanipun wangsalan ingkang ndamel piyambak :

    Balung geni, mbokmenawa aku ditresnani. ( balung geni = mawa = mbokmenawa )
    Rasaning geni, mangan nanas karo kang mase. ( rasaning geni = panas = nanas )
    Toyaning tangis, yen misuh ojo seru – seru. ( toyaning tangis = eluh = misuh )
    Bojoning Bapa, meh nulungi malah tombok. ( bojoning Bapa = simbok = tombok )
    Poyok ngisin – isin, buah pace pedes rasane. ( poyok ngisin – isin = ngece = pace )

    BalasHapus
  17. Nama : Aini Machmudah
    Nim : 2611411004

    Wangsalan
    Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelake batangane utawa tebusane sarana sinandi.
    Tuladha:

    a. Nyaron bumbung, nganti cengklungan nggonku ngenteni.
    Saron bumbung: angklung dadi cengklungan
    b. Mrica kecut, togna wae sakuni-unine.
    Mrica kecut : wunu dadi sakuni-unine
    c. Sarung jagung, bobot timbang ana kuwe.
    Sarung jagung: klobot dadi bobot.
    d. Kapi jarwa pethekku mangsa wurunga.
    Kapi : kethek dadi pethek
    e. Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung.
    Wohing tanjung : kecik dadi becik
    f. Yeksa dewa, dewadewi lir denawa
    Kala mudha, bangkit ambekas durgama.
    Yeksa dewa : bhatar kala
    Dewi lir denawa : durga dadi durgama
    g. Roning mlinjo, sampun sayah monggo ngaso
    Ron mlinjo: so dadi ngaso
    h. Reca kayu, golekana kang satuhu
    Reca kayu: golek dadi golekana.

    Wangsalan ingkang dhamel piyambak
    1. Wit pari, aja demen ngawe ati lara.
    Wit pari : damen dadi Demen
    2. Wohing cengkeh mas, atiku wis dicolong sliramu
    Woh cengkeh: polong dadi Colong
    3. Isi jati, wis suwe ngleleng ngenteni tekamu
    Isi jati: janggleng dadi ngleleng
    4. Tali katok, kala wau zulfikar nembe ngalor
    Tali katok: kolor dadi ngalor
    5. Ibuke Anoman, nek dikandani wong tuwo iku kudu ngugu.
    Ibuke Anoman: Anjani dadi kandani

    BalasHapus
  18. Ndamel piyambak :
    - Kembang lombok (menik)
    Panjenengan “menika” pancen ayu

    - Jembaring banyu ing bumi (laut)
    Elinga yen ngadepi “maut”

    - Anak segawon (kirik)
    Dadi wong aja lirak-“lirik”

    - Putrane Prabu pandu (Pandawa)
    Nak “gegawa” barang kuwi ngati-ati

    - Ndhuwuring bawana (mega)
    Panjenengan pancen “tega” marang sliraku

    BalasHapus
  19. WANGSALAN (internet)

    Wangsalan adalah rumpakan yang seperti cangkriman, tapi ancane sudah diberitahukan sekali.

    1. Jerone atiku iki dudu anak kethek,
    2. Erok cilik, karo kanca ajA util….
    3. Ayam cebol during nate tindak Surabaya
    4. Awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter.
    Kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr.
    5. Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
    Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå

    BalasHapus
  20. NAMA : URIPATUL AENI
    NIM : 2611411005


    wangsalan ingkang dhamel piyambak

    1. Klambi jagung , ragane waras jiwane edan. ( klambi jagung = klaras)

    2. Rambute wit krambil tua , keplarak ning kubangan. (rambute wit krambil tua = blarak)

    3. Awak bekas pari ,upami tindhak-tandhuk ingkang sae. (awak bekas pari = dami)

    4. Beras mateng , njaga diri saka sing ala. (beras mateng : sega)

    5. Pring moni , maling ngaku, penjara sesek. (pring moni = suling)

    tuladha :

    1. ari sena, sena gelung minangkara. ngesthi harja, luhur drajating praja. (ari sena = harjuna, sena = werkudara )

    2. Klapa mudha, yen kalegan paring paripurna. (klapa mudha = degan)

    3. sopir rata, rata muluk dirgantara. siring nala, mrih luhur suburing praja (sopir rata = kusir, rata muluk dirgantara = montor mabur )

    4. jereng klasa, sun geler karya ewa (jereng klasa = gelaran )

    5. wiji sawo, asline ing kutha marmer. amal becik, tetulung maring sesama. (wiji sawo = kecik, kutha marmer = Tulungagung )

    6. jalak pita, sun gadhang pinter micara.(jalak pita = podhang )

    BalasHapus
  21. Nama : Dany Kristian Agustinus
    NIM : 2611411021
    WANGSALAN
    a. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
    Ora gampang wong urip ana ing alam donya
    carang wreksa : pang dadi gampang
    wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip dadi wong urip
    b. Ancur kaca, kaca kocak munggwig netra.
    Wong wruh rasa, tan mamak king tata karma
    ancur kaca : rasa dadi rasa
    kaca kocak munggwing netra : tesmak dadi mamak
    c. Nggodhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras.
    godhong garing : klaras dadi nglaras
    d. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
    jangan gori : gudheg dadi judheg
    e. Kendhil dawa, enggal ditandangi
    kendhil dawa : dandang dadi ditandangi
    f. Sekar aren mas, sampun dangu kok boten kepanggih
    sekar aren : dangu dadi dangu
    g. Witing klapa jawata ing ngarsapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
    witing klapa : glugu dadi salugune
    h. Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar.
    kembang jambu : karuk dadi kemaruk

    BalasHapus
  22. Nama : Wahyu Dwi Kismawarni
    Nim : 2611411007

    Wangsalan buat sendiri
    1. Reca kayu, goleka kawruh rahayu
    (reca kayu : goleka)
    2. Balung pakel, aja seneng alok-alok
    (balung pakel : pelok)
    3. Kendhil dawa, enggal ditandangi
    (kendhil dawa : dandang)
    4. Mrica kecut, yen mung muni pancen gampang
    (mrica kecut :wuni)
    5. Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung.
    (kukus gantung : sawang)

    Wamgsalan cari

    1. Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar
    (kembang jambu : karuk)
    2. Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung
    (who tanjung : kecik)
    3. Sekar aren, sampun dangu-dangu
    (sekar aren : dangu)
    4. Bocah kok mentil kacang, tansah mbesengut bae
    (pentil kacang : besengut)
    5. Mutra bebek, kawit mau mung wira-wiri wae
    (putra bebek : meri)

    BalasHapus
  23. Nama : Dany Kristian Agustinus
    NIM : 2611411021



    Damel piyambak
    Sarung jagung : bar ulangan sirahku rasane abot
    Sarung jagung : klobot

    Jenang gula : dadi wong aja lali ndonga
    Jenang gula : gulali

    Balung janur :yen lara ngombe usada
    Balung janur : usada

    Roning mlinjo : nek wayah kesel kudu ngaso
    Roning mlinjo : so

    Wohing aren: dadi wong kudu eling marang Gusti Allah
    Wohing aren : kolang kaling

    BalasHapus
  24. KUSUMA AYU PURWATI
    2611411003
    DAMEL PIYAMBAK
    • damar gunung (lintang) artine ketang-ketang
    • ngrokok cendek (tegesan) artine negesan
    • semur wader(koyong) artine keloyongan
    • deling kambang wonten lautan (katir) artine aja kuwatir.
    • manuk cilik kang anter ibere ( manuk prit) artine morat-marit

    SAKING INTERNET
    • kintel godhong (kembang wongso) artine nelongso
    • griya alit wonten pinggire mergi (pejagan) artine jaganen
    • manuk putih saba wuwungan (manuk dara) artine kari ketara.
    • jahe wana (lempuyang) artine oyang
    • kembang gula (gelali) artine lali--thx for kang ju-- (musa)

    BalasHapus